MADU ROSO

PURWAKA Karakite Pustaka Madurasa iki murih para warga bisa luwih gampang lan gamblang anggone nampa wewarah waspada. Ing kono wus dicethakake : 1. Tujuane nggayuh kasampurnan. 2. Carane ngabekti marang Pangeran. 3. Bab bekti marang wong tuwa, guru nadhi, negara/pamarintah, uga sedulur tuwa. 4. Pengetrapan laku utama lan bebuden kang luhur. 5. Bab kasampurnan lan pengalapan. Mula para warga diajab tansah hanjinggleng marang wewarah iki awit isi pustaka Madurasa iki ora linggar saka tuntunan Waspada. HADI SOETIJONO Sesepuh MADURASA 1. Apa Waspada iku? Waspada iku dudu aji, dudu ngelmu, dudu agama, wewarah (kawruh) peparinge Pangeran kang lumantar urip, bab kasampurnan ( tumuju kasampurnan ). 2. Kanggo apa ngudi Waspada ? Karana wijining menungsa saka Pangeran, kanthi ngudi Waspada/kawruh Waspada bab kasampurnan, bisa ngreti asal-usule, terus dadi eling marang kang nganakane/ nitahake, uga dadi eling marang asal-usule. Sawise eling sarta nuhoni janji kang diparingake, bakal jinaga pakaryane sarta karahayone. 3. Apa pikolehe ngudi kawruh Waspada ? Pikolehe hamung slamet, slamet aku iya slamet kowe, slamet kana iya slamet kene. Mula murih gamblang gambar iki Waspadakna KETERANGAN : Bunderan kang mawa sorot iku nggambarake Sang Suwung, iya Sang Hana, iya asal-usule wijining manungsa. Wangun pesagi papat kang dumunung ana kiwa tengen, papan iki wis dikarepake/mula digambarake pesagi papat, roh kang manggon ing kene iki isih kedununga karep. Wangun pesagi lima iku gegambaraning titah, kang ngemu teges manungsa iku kedunungan pancadriya. Garis saka suwung kang tumuju swarga lan neraka tur setimbang, iki hanggambarake soroting Pangeran kang tumuju ala lan becik iku padha, ngemu teges : adiling Pangeran marang ala becik iku padha tan dibeda-beda, kabeh diparengake urip. Nanging ing tembe menawa wus winanci papane beda manut apa kang dikarepake. Dene garis saka titah kan tumuju suwung, swarga lan neraka ana pedhote, iki nggambarake alam antara utawa alam penganti. Iki nggambarake balining roh wijining manungsa ing tembe. Garis jejeg saka titah kang tumuju Suwung, balining rohing manungsa kang ngudi bali mring asal-usul, utawa bali mring Suwung, yaiku kang sampurna. Garis miring saka titah kang tumuju swarga, nggambarake balining rohe manungsa kang nalika uripe ngudi marang kaswargan. Garis miring saka titah kang tumuju neraka, balining rohe manungsa kang nalika uripe hamung tansah nguja kekarepane, ora ngrumangsani manungsa iku ana kang nitahake. Menawa manungsa hanggayuh marang kaswargan kudu manut miturut, mituhu, apa kang dadi kapercayane. Lire : kudu tumindak becik, handuweni bebuden kang apik, ngreti marang kwajibane, hambangun turut marang wong tuwa, rukun marang sapadha, dhemen tetulung kang eklas sarta bekti marang Pangeran kang peparing sing dadi sesembahane. Rohe manungsa kang keblasuk marang neraka, nalika uripe ana alam donya, tansah nguja kekarepane, nguja kasenengane, drengki, srei marang sapepadhane, nerak angger-anggering Pangeran kang akarya jagad, ora ngreti marang kuwajiban aja maneh bekti marang wong tuwa. Sejatine swarga lan neraka iku hamung kanggo hambedakake ala lan becik bener lan luput. Dene garis jejeg kang tumuju Suwung saka titah hanggambarake rohe manungsa nalika uripe manungsa mau ngabekti marang Pangeran lumantar urip, supaya ing tembe baline bisa bali marang asal-usule, iya Suwung iku. Nanging ngretenana Pangeran iku suci. Menawa manungsa ora suci, sarta datan mituhu kalawan pituduhe aja ngarep-arep balinira. Senadyan manungsa iku ngabekti marang Pangeran lumantar urip, durung mesthi bisa terus bali nyawiji Suwung, uga kang ngudi kaswargan lan kang keblasuk menyang neraka, mula digambarake garis saka titah sing tumuju swarga, neraka sarta menyang Suwung ana pedhote ( antara ). Ya ing papan kene kang diarani alam antara (papan penganti ) iya diarani alam pangrantunan. Ing alam iki naluri isih gampang diopeni. Upama wong mlaku isih cedhak. Kang keblasuk menyang neraka wus ngrumangsani kaluputane, kang tumuju swarga ngrumangsani klerune, kang tumuju suwung ngrumangsani kekurangane. Kanthi ngrumangsani iku kang rumangsa luput terus mratobat, kang rumangsa kleru terus nbenerake klerune, kang kurang nambahi kekurangane. Ing kahanan kaya mengkene iki naluri isih gampang bisa labet. Kanggo nebus kaluputane mungguhing sing luput, mbenerake klerune mungguhing kang kleru, nambahi kekurangane mungguhing kang kurang. Kepriye naluri bisa mertobat, mbenerake klerune, ngganepi kekurangane. Iki gumantung turun-turune. Tangeh bisa labet lamun Si turun ora nduweni watak utama, bebuden kang luhur, ndhisikake kautaman katimbang kawibawan, tumemen panembahe kanthi anut tuduhe, eklas ngadhepi kahanan apa bae, sumangga sarta nglenggana ing panata, nyapadha sama, tadhah, pradhah ora wegah, nyingkiri drengki srei. Awit ketarik dayaning watak utama kang lelandhesan budi luhur, naluri lagi bisa labet. Tumanjaning naluri kang dikarepake dening turune durung bisa diarani labet, awit bisane mung mrebawani, kang tundone tumuju kawibawan. Amarga tumandange/makaryane naluri karana dituku nganggo laku, bisa makarya lamun dikarepake/dijaluki. Makaryane/labeting naluri wus tumandang dhewe tanpa dikarepake anane mung murih slamet. Garis saka titah kang tumuju neraka ana pedhote/ antarane, iki nggambarake lakuning roh sing nalika uripe tumindak drengki, srei, nguja kasenengan, senadyan kaya mengkono ora terus menyang neraka, nanging mandheg ana alam antara iki. Menawa ing alam iki turune, nduweni budi luhur, mituhu panembah, manut lan tansah nindakake dhawuhe kanthi tumemen iya bisa labet. Nanging roh kang mapan ana alam iki menawa arep dilabeti, menawa wis kasoran daya lagi bisa lan gelem labet awit wis mertobat. Garis saka titah tumuju swarga, nggambarake lakuning roh kang nalika uripe manungsa mau nggayuh kaswargan. Nggayuh kaswargan mono angel, rumit, amarga swarga mono nggambarake papan kang kepenak, sesawangan sarwa endah, piranti sarwa apik. Menungsa kang nggayuh kaswargan, kudu nduweni bebuden luhur, tumindak kang becik, seneng dedana sarta tetulung, eklas, tumemen panembahe marang sesembahane. Iki iya ora terus bisa menyang swarga, mandeg ana alam antara, nanging alame beda klawan roh kang tumuju neraka. Awit roh bisa ngrasakake kepenak, nyawang sesawangan kang endah, apa kang dikarepake ana. Roh kang mapan ana alam iki iya durung bener, isih kleru. Klerune roh isih bisa ngrasakake seneng, kepenak, nyawang sesawangan kang endah, apa kang dikarepake ana, nbuktekake menawa roh mau isih kadunungan karep, utawa kagubel anane piranti. Nanging menawa turune tumemen panembahe marang Pangeran kanthi lumantar urip, luwih gampang bisa labet, awit wis duwe dhasar becik, seneng tetulung marang liyan. Garis saka titah menyang Suwung uga pedhot, ora bisa terus menyang suwung, lya mandheg dhisik ana alam antara mau, awit bali marang suwung mono luwih rumit, luwih rumpil, luwih gawat, katimbang nggayuh kaswargan. Awit menawa bali nyawiji suwung iku ora bisa dikarepake nanging menawa kaswargan bisa dikarepake. Senadyan manungsa mau wis nduweni bebuden kang luhur, watak kang utama, tumemen panembahe marang Pangeran lumantar urip, tansah pasrah, sumangga ing panata, nglenggana, mituhu dhawuhing Gusti, tansah eling marang kang nganakake, durung kena dipasthekake terus bisa bali nyawiji Suwung. Lire mangkene : Pangeran iku anane suci, kamangka manungsa iku ora suci awit wis kedunungan anane piranti lan prabot, dadi manungsa wis ora suci kaya nalika isih wiji saka asale, kamangka baline roh menyang asal-usule iku kudu pulih kaya nalika saka asale. Sadurunge bali marang asal-usule lagi mapan ana alam antara, senadyan lagi mapan ana alam antara iki wis tentrem, awit wis ora kagubel anane piranti, mungkari nglakoni dosane kanthi nglenggana lan sumangga. Ya iki kang diarani mapan. Roh kang wis mapan gampang bisa labet, labete katata dening urip, awit saka gedhening labet kang ditindakake kabeh turune. Uga pangabekti kang tumemen marang kang gawe urip, awit saka badrane wong tuwa. Iki upama wong mlaku luwih cedhak, upama wong nggawa luwih entheng, awit sinengkuyung gedhening labet lan pangabektine marang Pangeran kabeh turune kang tanpa pedhot, sambung sinambung, turun-tumurun sateruse, ya iki kang diarani wong tuwa wajib bebadra anak mung kari nerusake. Kepriye roh kang wis ana neraka lan ana swarga? Roh kang wis ana swarga bisa bali nyawiji suwung, nanging gumantung kabeh turune, kepriye labet sarta pangabektine marang Pangeran, kaya kang kacetha ing dhuwur, murih bisa bali marang suwung. Karana turune tumemen pangabektine marang Pangeran, sarta tansah nggedhekake labet, ndayani nalurine kang ana swarga eling marang klerune nuli labet. Nanging roh kang wis ana swarga upama wong mlaku luwih suwe upama dalan luwih dawa katimbang roh kang isih ana alam antara/panganti. Semono uga roh kang wis ana neraka, lya bisa bali nyawiji suwung, gumantung labet sarta pangabektine kabeh turune marang Pangeran kang Maha Asih. Kanthi labet sarta pangabektine turun mau, bisa ndayani naluri bisa labet. Nanging mangertenana roh kang ana neraka bisa labet hamung roh kang nalika uripe tumindake drengki, srei, jail sarta sungil, iki roh keblasuk ana neraka. Dene roh kang nalika urip sengaja sujud pega, sujud kayu watu, dadi paraganing seluman, dadi ratuning sesaji, dadi prewangane setan, dadi ratuning jim, senadyan dikaya ngapa pambudi dayane ora bisa bali nyawiji suwung ( ora bisa sampurna ). Menawa naluri wis bisa sampurna kabeh piranti lan prabot wis bali marang asal-usule piranti lan prabot. Roh kang wis sampurna ateges wis tentrem, katentremaning naluri kang wus sampurna kasorotake marang turune, mahanani kabeh turune tentrem, awit lelabuhane kabeh turune, kang tansah nyenyandhi panembah, panernbahe wong tuwa kang linambaran budi luhur tumuju mring kautaman. GEGAYUHAN BALI MRING SUWUNG. (mring asal-usul) Menawa manungsa nggayuh bali mring asal-usul, ora ngemungake tumemen ing panembah, nanging uga panebah aja nganti nyimpang saka tujuane panembah, sarta meruhi sapa sing disembah, kepriye carane manembah, kepriye patrape manembah, dibarengi panebah kang ora nyimpang saka panembah. Ya iku kang diarani tumindak utama kang lelandhesan budi luhur. Patrape manembah : anut tuduhe. Carane manembah : tan nyimpang saka dhawuhe. Sapa sing disembah ora liya Sang Hana, lya Pangeran kang akarya jagad, Pangeran kang Maha adil, kang Maha Wikan, Gusti kang Maha Asih, lan sapanunggalane. Tujuane manembah : 1. Supaya tansah jinaga karahayone, mamrih slamet kana ya slamet kene. 2. Mamrih tinata tinuntun sabarang laku lan pakaryane. 3. Tinata kabeh turune. 4. Ing tembe menawa wus winanci bisa tinuntun dening urip bali mring asal-usule. 5. Ngrumangsani menawa manungsa ana kang nitahake, mula manungsa wajib ngaturake panuwun marang Pangeran kang nitahake, mamrih tansah eling marang kang nitahake. Carane manembah : Carane manembah : anut dhawuhe kaya kang wus diparingake dening Pangeran. Patrap lan trap-trappane manembah : Ditemtokake dening wektu kang wis diparingake, dibarengi sambat, kinanthenan panebah kang ora nyimpang saka panembah kang lelandhesan budi luhur tumuju kautaman, ya iki kang den arani pangabekti, yaiku : PANGABEKTI : I. 1. Ngabekti marang Pangeran. 2. Bekti marang wong tuwa. 3. Bekti marang guru nadhi. 4. Bekti marang negara. 5. Bekti marang sedulur tuwa. II. 1. Tumandang apa bae kang lelandhesan budi luhur kang tumuju kautaman. 2. Tumindak kang ora metung pikolehe anane mung sumangga. 3. Tadhah, pradhah ora wegah ngadhepi kahanan apa bae, ya ing kene iki kang diarani iklas. 4. Sakabehing panandhang tinampa kanthi lega sarta nglenggana. 5. Rukun : Karana rukun iki handuweni watak warata, sapadha tan hambeda-beda marang sapa lan apa. Nomer 1 - 5 iku kang ingaranan labet. Bekti marang Pangeran bisa kaperang dadi loro, yaiku I. Pangabekti lahir. II. Pangabekti batin. I. Pangabekti lahir nindakake janjining urip kang ditampa sadurunge dumadi. Nindakake janjining urip iki ana telu 1. Ngabekti marang Pangeran lumantar urip. 2. Ngopeni turun. 3. Makarya. Janji telu-telune iki ora kena dipisah-pisahake ing antarane siji lan sijine. Menawa ngabekti marang Pangeran kanggo ngopeni turun lan makarya. Menawa ngopeni turun wajib ngabekti marang Pangeran lan makarya. Menawa makarya kanggo ngabekti marang Pangeran lan ngopeni turun. II. Pangabekti batin 1. Rasa eling marang kang nitahake. 2. Labet. 1.1. Rasa eling marang kang nitahake, kanthi ngrumangsani menawa manungsa titahing Pangeran. 2.2. Labet : Tumindak apa bae kang ora kepengin enggal ngundhuh wohing pakaryan anane mung sadrema. Ngabekti marang Pangeran : 1. Ing kono pinaringan tata cara yaiku carane ngabekti lan wektune ngabekti. Ya ing kene iki kang den arani sujud marang Pangeran lumantar urip. 2. Ngopeni turun Ngopeni turun iki ora ngemungake turune dhewe, nanging sapa lan apa bae kang wajib lan kudu diopeni Pangopen iku ora mung ngopeni ragane nanging uga rasane. Dene pangopen raga jinaga kesarasane, dipilala pangane, dipepantes amrih pantes sandhang penganggone. Pangopen rasa wong tuwa wajib menehi tuladha marang laku kang utama dimen anak nduweni bebuden kang luhur, ing tembe si anak bisaa murakabi kanggo nusa Ian bangsane. Wong tuwa wajib bebadra wong anom mung kari nglakoni iki menawa wong tuwa anggone badra ora bener wong anom uga ngundhuh wohing tumindake. Menawa wong tuwa nandur kabecikan, kautaman lan kadurakan iku turun pitu isih melu ngrasakake. 3. Makarya Makarya iki bisa kaperang dadi loro, yaiku makaryaning raga lan makaryaning rasa. Makaryaning raga Kanggo ngudi pangan paringing ratu. Kanggo njaga lestarining kulawarga. Makaryaning rasa : Tansah meminta nugrahaning Hyang Widhi mamrih kulawarga tansah pinaringan karahayon, tinuntun marang tindak kang utama. Labet : Labet lahir sarta labet batin. Labet lahir : Makarya apa bae dhasare hamung adrema, Pangeran ingkang peparing, ora enggal kepengin ngundhuh wohing pakaryan. Ya iki kang diarani nandur pari jero, awake durung mesthi bisa ngrasakake, nanging anak putune ing tembe kang padha ngrasakake. Labeting batin bisa kaperang dadi 3 bagian. Iki ngemu teges, nampa kahanan apa bae, tinampa kanthi rasa eling marang kang nitahake, anane mung sadrema Pangeran ingkang peparing. 1. Pacoban utawa paneter : Paneter iki kanggo nyoba sepira kemantepane marang keyakinane. Abot enthenging pacoban gumantung apa peparinge, peparing mau ora wujud barang, nanging wujud daya. 2. Panebus Panebus iki sawijining penandhang kanggo nebus kaluputan kang dumadi saka awake dhewe, iya saka kaluputane naluri. 3. Pepeling Panandhang peparinge Pangeran marang titah kang lali marang kuwajibane uga pangabektine, tumindake nganti nyimpang dhawuhing urip. Mula Pangeran paring pepeling supaya bali eling marang janjining urip kang ditampa sadurunge dumadi. Bekti marang wang tuwa Bektine anak marang wang tuwa sakarone ana rong prekara 1. Bekti tumraping lahir. 2. Bekti tumraping batin. 1. Bekti tumraping lahir bisa kawujudake ing pakaryan lan tindak tanduk. Pakaryan kang becik lan tindak tanduk kang becik ora nerak angger-anggering kautaman iku bisa ngangkat drajad lan semat, kang tundhone bakal nuwuhake kawibawan lan kuncaraning asma. Kahanan kaya mengkono iku bakal lumeber marang asmane wang tuwa sakarone, iya bapa biyunge, handadekake kaluhuran lan kawibawan. Wang tuwa bisa marem lan seneng sarta ngaturake panuwun marang Pangeran kang akarya jagad, awit rumangsa pinarengake apa kang dadi idham-idhamaning ati, dene kekudangane bisa maujud. Anak kang digantha-gantha bisa nyembadani kekudangane, mikul dhuwur mendhem jero, bisa ngluhurake asmaning wang tuwa, kuncara, wibawa dadi tepa tuladhaning sesama. Ing tembe dadi sulihe wong tuwa. Tambuh-tambuh bungahing wong tuwa iya bapa Ian biyunge lamun nyumurupi tumindake anak kang lembah manah, ber budi bawa leksana. Sakabehing pakaryan katindakake kanthi lelandhesan budi luhur, ora handuweni rasa kumingsun dupeh bisa lan ana, hamung tansah ngrumangsani menawa kaundhakan lan kabisan iku ora liwat ya marga saka puji pangestune wang tuwa sakarone. Panggula wenthahing wang tuwa kang linambaran gedhening katresnan ( rasa tresna ), apa dene labet sarta prihatine wang tuwa kang tanpa kendhat, anggone meminta nugrahaning Gusti, murih lestari lan dadi. Rasa eling lan ngrumangsani marang lelabuhaning wong tuwa, nuwuhake rasa pengaji-aji kang diwujudake bekti Ian tresna asih kang tanpa pepindhan, saengga nglenggana marang diri pribadi, rumangsa tanpa daya, tan bisa ngrembaka tanpa pangopen sarta labeting wong tuwa, mendah kaya ngapa dadine lamun urip tanpa katresnan lan panggulawenthahing wong tuwa sakarone, iya bapa biyunge. Rumangsa begja, kebak rasa panarima lan panuwun marang Gusti kang maha asih, dene pinaringan wong tuwa kang wicaksana, kebak panggulawenthah kang linambaran rasa asih. Lamun Si anak wus nglenggana lan ngrumangsani menawa dumadine ana alam donya iku lelantaran bapa biyunge, ing batin anane hamung trenyuh, katon ngegla, cetha ngalela sepira aboting sesangganing bapa lan biyung anggone ngopeni, lan leladi murih putrane bisa lestari Ian dadi. Kanthi rasa kaya mengkono iku anak tansah tumindak kang kebak ing pengati-ati, murih solah bawa, muna-muni aja nganti gawe cuwa penggalihe wong tuwa sakarone. Suka panglipur lan pengentheng-entheng kalamun wong tuwa wus ndungkap yuswa. Dudu pisungsum donya brana, nanging puja basuki sarta tumindak kang kebak rasa asih tulus lahir batine, nganti bisa gawe katentremaning rama lan Ibu kang ora bakal murud marang kasedan jati. 2. Pangabektine batin. Iku gumantung saka gedhening panuwun marang lelabuhane wang tuwa, luwih-luwih marang biyunge. Rasa panuwun iku kaaturake marang Gusti kang akarya jagad, kanthi manembah lan mituhu apa dhawuhe sarta pituduhe. Iya awit saka panembahing putra marang pangeran kang lelandhesan rasa eklas, apa dene rasa sumarah, pasrah, ing tembe lamun wong tuwa wus winanci katimbalan marak ing Gusti bakal antuk papan kang samesthine, antuk pangentheng-entheng, kaapura dosa kaluputane. II. Bekti Marang Guru Nadhi. Karepe padha karo bekti marang wong tuwa, nanging beda trap-trapane, menawa bekti marang wong tuwa anak isih wenang nyaosi saran, menawa wong tuwa kleru tumindake, nanging aja nganti gawe gela lan cuwaning wong tuwa. Menawa bekti marang guru si murid ora pantes nyaosi saran. Awit guru kang paring dalan nganti si murid/siswa weruh dalan kang bener, pamawas kang padhang sarta jembar, kawruh kang mumpuni ing babagan kautaman sarta budi luhur, kawruh agal lan alus tumuju kautaman. Piwulange guru anane mung tumuju bener, rahayu, slamet. Lire, mangkene : Bekti marang guru nadhi pada bae karo bekti marang wong tuwa. Tumindak kang becik tur liwat dalan kang bener, tansah ora nyimpang saka wewarahing guru, mituhu, bekti marang guru kang ditindakake kabeh para siswane bisa nuwuhake kuncara lan wibawaning guru. Kanthi wibawa kang sinandhang dening guru, kabeh para siswa anane mung ajrih lan asih, kang tundone hamung tansah ngestokake sarta memundhi kabeh wewarah kang tinampa rumesep marang sanubari. Trap-trapaning tumindak bisa dadi tuladhaning wong akeh. Tumrape marang guru kang paring piwulang, kaya-kaya nganti ora bisa hambedakake endi wong tuwa kang nganakake awake lan endi kang ora nganakake. Kekarone padha tan beda-beda amarga wong tuwa iku dadi lantaran urip ana alam donya, dene guru tansah nuduhake dalan kang bener, wewarah kang tumuju kautaman, si siswa bisa padhang pamawase, jembar sesurupane, tan liya iya saka piwulange Sang Guru. Panyoba lan panandhang kang sinandhang dening guru, dening para siswa dianggep panandhange dhèwe. Awit purnaning panandhang sarta panyoba dadi sarana pepadhange kabeh siswane. Mula para siswa tansah melu hanjaga kasugengane lan asmane. Nyumurupi tumindak para siswa kaya mengkono, Sang Guru hamung tansah nglenggana hangaturake panuwun marang Gusti kang akarya jagad, kanthi nggedhekake panembah, murih sihing Gusti tansah sinandhing, bisaa murakahi marang para siswane, anggone padha nyenyandhi dhawuhing Guru. Bekti marang negara/pamarintah lan masyarakat. Wiwit ana kandhungan pamarintah lan masyarakat wis melu-melu nylametake lan njaga karahayone. Mula warga kang becik, hamung tansah ngrumangsani menawa pamarentah lan masyarakat melu nylametake, kanthi ora handuwa apa kang didhawuhake, nyingkiri kabeh larangan kang dipacak dening pamarentah, tumrape marang masyarakat hamung tansah hanyengkuyung apa kang ditindakake dening masyarakat kanggo katentreman lan ajuning kahanan amrih tumataning bebrayan. Bekti rnarang sedulur tuwa Sedulur tuwa mono tansah dadi panutane kabeh adhi-adhine, tumindak adil mranata marang adhi-adhine, aja nganti mbeda marang kahanane sedulur, nuntuni murih beciking tumindak, aja nganti nduweni watak srakah, kang tundone bisa gawe crahing sedulur. Awit menawa wong tuwa wis ora ana dadi sulihing wong tuwa sakarone kanti rasa iklas Sedulur kang becik hamung tansah ngatonake rasa karukunan kanthi polatan kang padhang, awit ngrumangsani menawa sedulur tuwa iku melu ngopeni, sarta njaga keslametane nalika isih cilik. Mula ngelingi kahanan nalika semana sedulur enom anane mung nglenggana, sepira gedhening lelabetane sedulur tuwo ora bisa dikreta aji nganggo bandha donya, nanging hamung bisa diwales nganggo rasa sih, ora gawe cuwaning sedulur tuwa, kang minangka dadi sulihing wong tuwa sakarone. Rukun. Rukun dumadi wiwit manungsa durung dilahirake ana alam donya. Sang Hana nganakeke jagad kanggo wadhah titahing Pangeran kang ora wujud lan kang wujud ( kang ora kesat mata Ian kang kasat mata ). Titah kang ora kasat mata Hawa lan titah liyane kang ora kasat mata. Titah kang wujud ( kasat mata ), thethukulan, kewan lan menungsa. Pangeran nitahake thethukulan durung bisa ngerti lan eling marang kang nitahake. Awit thethukulan dumadi saka nyawijining wiji lan piranti kang kesorot urip. Sabubare nitahake thethukulan Pangeran nitahake kewan, kewan dipraboti luwih katimbang thethukulan, ya iku dumadi saka wiji, piranti lan pangrasa kang kasorot urip. Iki iya durung ngreti lan eling marang kang nitahaka. Sabanjure nitahake kewan Pangeran nitahake manungsa. Iki dipraboti sarwa luwih katimbang titah liyane, mamrih ngreti sarta eling marang kang nitahake, yaiku Wiji, piranti lan prabot kang kapurba urip, kang diarani prabot : rasa, pangrasa, waris papat, budi lan bayu. Iki nyawiji dadi siji tumuju siji mamrih dadi. Nyawijining piranti, prabot lan wiji kang kapurba urip ora ngemu pamrih, yaiku kang ingaranan rukun kang sejati. Manungsa dilahirake ana alam donya wus nggawa kerukunan kang sejati, durung kagandheng (kaseret) dening makartining piranti lan prabot. Karana makartining prabot mau karukunan bisa owah gingsir manut : 1. Mobah mosiking jaman lan papan. 2. Pasaban lan pasrawungan. 3 Menawa piranti lan prabot padha rebut deg. Kerukunan bisa semi lan andadi, lamun piranti lan prabot bisa rukun. Piranti lan prabot tangeh bisa rukun lamun si prabot lan piranti ora katata urip, rukun kang sejati mau bisa semi, hanjalari siji kanggo kabeh, kabeh kanggo siji, kaya rukun kang dumadi nalika manungsa durung dilahirake, siji lan sijine ora pisah, anane mung tumuju siji mamrih lestari lan dadi. Yaiku kang diarani kerukunan kang adhedhasar budi luhur iki kang bisa hanjalari semining kerukunan kang sejati. Sapa-sapa ngetrapake kerukunan kang ora linambaran budi luhur, tangeh bisa nuwuhake semining kerukunan kang sejati Mula Waspada nenuntun marang wargane kanthi dhasar rukun kang sejati. Ya kanthi dhasar rukun kang sejati iki mahanani eling marang kang nganakake lan ngreti sapa kang nganakake. Kanthi dhasar rukun bisa hambirat pepalang kang ngadhang. Kanthi dhasar rukun bisa mahanani tentreming bebrayan, tangga lan bangsa. Kanthi dhasar rukun bisa hambuncang mendhung kang mentiyung. Kanthi dhasar rukun bisa mahanani tumataning kulawarga, tangga lan bangsa. Kanthi dhasar rukun tinenga sadhengah manungsa. Kanthi dhasar rukun manungsa bisa nampa piwulange Sang Guru Jati. Sang Hana paring ugeran bab rukun, yaiku 1. Rukun Raga. 2. Rukun Rasa 3. Rukun Kulawarga. 4. Rukun Tangga. 5. Rukun Bangsa. 1. Rukun Raga. Rukun raga dumadi saka nyawijining 11 piranti, wiji kang kapurba urip, katambahan rasa pangrasa, waris papat, bayu lan budi, iki kang ingaranan rukun kang sejati, rukun kang ora ngemu pamrih anane mung nyawiji tumuju siji mamrih lestari lan dadi. Kerukunaning raga iki manungsa tan wenang meruhi, awit sinengker ana kekerane Gusti kang Agung, iya Gusti kang Maha Wikan piyambak kang priksa. Manungsa hamung bisa ngrasakake sarta anggunakake. 2. Rukun Rasa. Rukun rasa ana lima yaiku : 1. Rasa seneng. 2. Rasa sangsara. 3. Rasa manunggal. 4. Rasa makarya. 5. Rasa manembah. Kang dadi siji, nganti kaya-kaya ora bisa hambedakake, endi rasa seneng, endi rasa sangsara, endi rasa manunggal, endi rasa makarya, endi rasa, manembah, menawa rasa lima iki wus rukun, anane mung tatak, titis, mahanani : 1. Ngrumangsani manungsa titah sawantah. 2. Ngrumangsani manungsa hamung sadrema. 3. Ngrumangsani manungsa datan suwala ing panyoba, anane hamung sumangga. 4. Tansah eling marang kang nganakake, yaiku Pangeran kang akarya jagad. 5. Tumenga hamung sumangga ing Panata, tumungkul ngrangkul mamrih wungkul. 3. Rukun Kulawarga. Menawa rukun rasa wus kasarira dening sadhengah manungsa, iki bisa mrabawani marang katentremane lan tumataning kulawarga kang mahanani rukun kulawarga. Pangudine : Iki hamung durnunung ana jroning sarung lan lurung. Jroning sarung : Ngrumangsani menawa wong tuwa dadi lanjaraning putra, panggantha Ian micara hamung murih tumata, tumindak dadi cagak, awit wong tuwa tansah tinengakake putra tumuju laku utama, minangka panutan turun mamrih rukun, tan mbeda-beda marang putra ing pangesthi hamung siji yaiku rukun. Jroning lurung: Kang srawung ana lurung anane hamung nyapadha sama mamrih tumata lan warata, tan hanbeda-beda marang sapadha, sapa lan apa, tinenga mitra kanggo tuladha tumindak utama, pinilih dasaih awit tanpa pamrih. 4. Rukun Tangga. Kerukun kulawarga kang tumata, dadi tetuladhan tangga-tangga, tundone tinulat, tinenga kanggo tuladha, awit kerukunan kulawarga kang tinulat dening tangga, ndayani tangga bisa nulat marang kerukunan kang wus tumat. Kerukunan keluwarga kang wus tumata tansah sinawang lan tinulat dening tangga, mula anane hamung tansah sadrema kanthi ngIenggana, mitutur lelandhesan budi luhur, micara kanggo tata, tumandang kanggo pepadhang, makarya kanggo warata, srawung kanggo nulung sapa-sapa kang bingung tan hambeda-beda marang sapa lan apa, anane hamung nyapadha murih tata, ora hangaku nanging hamung hamemayu murih rahayu. 15. Rukun Bangsa. Kerukuan kang wus kasarira kabeh dening tangga mahanani kabeh tanga nyapadha, tumata, tan hambeda-beda marang sapa lan apa, anane mung nyawiji tumuju siji yaiku rukun. KASAMPURNAN Saben manungsa nduweni gegayuhan kasampurnan, tegese menawa manungsa wus titi wanci bisa sampurna, bali mring asal-usule, yaiku rohe bali nyawiji Suwung. Swarga iku beda karo sampurna. Swarga mono bisa dirasakake, uga bisa ngrasakake. Dene sampurna ora bisa dirasakake anane mung suwung, langgeng tanpa wangenan. Senadyan dikaya ngapa pangudine, nanging menawa ora tansah kalawan pituduhe aja ngarep-arep balinira.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by waspodo-wonogiri | Diberdayakan oleh waspodo - | INDONESIA