MOHO TUNGGAL

WASPODO Wewarah Waspada yaiku wewarah saka Pangeran bab kautaman kang lelandhesan budi luhur, kanggo kasampurnaning dumadi, lire bisa bali marang asal usule ( bali marang suwung ). Karana wewarah iku menungsa bisa katuntun, katata dening urip, tumindak apa dene makaryane, uga karana wewarah iku bisa nampa dhawuhing Pangeran kang lumantar urip. Manungsa bakal katata urip lamun manungsa wanuh kalawan urip. Manungsa bisa wanuh kalawan urip, kalamun sambat urip. Gunane sambat : kanggo ngabekti marang Pangeran lumantar urip. Mula ngabektia marang Pangeran lumantar urip 1. Murih bisa /nampa dhawuhing Pangeran kang lumantar urip. 2. Mamrih bisa nampa piwulange Sang Guru Jati. 3. Menawa ngabekti marang Pangeran lumantar urip, turun pitu katata urip,uga bisa mapanake naluri kang wus tinimbalan dening Gusti kang maha asih Sapa kang nampa dhawuhing Pangeran ? ora ana liya kejaba : aku kang nunggang rasa ngadhep urip. Pangeran paring dalaning sambat, marang siaku kang nunggang Waspada. Sipiranti kawengku dening urip, dene sambate sipiranti katut siaku ngadhep urip, iki den arani sujud marang urip. Menawa siaku lan piranti sambat urip dhewe-dhewe, sipiranti dadi kumingsun, anane mung tambuh marang Pangeran. Menawa si piranti tambuh marang Pangeran, luhuring dayaning Pangeran tumambuh marang sipiranti, iki mahanani rusak. Sambat ana 3 prekara: 1. Sambat urip. 2. Sambat wingit. 3. Sambat wajib. 1. Sambat urip kanggo manunggal tumuju urip, kanggo ngabekti urip hakarana pituduhe. 2. Sambat wingit Panembahe manungsa marang Pangeran kanthi ngadhep urip, nunggang waspada. Ing kono Ingsun lenggah. Lakuning sambat 1. Sambat urip: Kawula manunggal nyuwun slamet, iki kanggo pangluluhane kabeh pakarti dur (tumindak ala), pangrayahe setan, panglondhohing jim, pangiming-iminging eblis, pamothahing piranti, pamiluting seluman, pandadaraning aji-aji, panebusing kalap. 2. Sambat wingit : Kawula manunggal ngabekti urip, kawula nyuwun dayaning urip kanggo makarya, iki kanggo ngantepi lamun sira aku kapurba urip anane suci. 3. Sambat wajib : Kawula manunggal nyuwun pangapura, kawula hamung sadremi, Pangeran ingkang kagungan. Kawula lantaran urip murba. Kawula lantaran ngopeni paringing Pangeran ingkang sampun kaparingaken. Kawula lantaran Pangeran mayungi. Kanthi sambat wajib iki luhuring Pangwasaningsun, rinasakake kabeh umatingsun. Poma sambat iki udinen kanthi tumemen, iku sangunira ngadhep urip. Gunane sambat : Kanggo wanuh lan jumbuh urip, iki ngemu teges : ngaturake panuwun marang Gusti kang maha Agung, dene anggone nindakake dhawuhe sarta peparinge kanthi slamet karana panatane,uga diarani ngabekti marang Pangeran. Patrape sambat : Lungguh kang tumata sarta pantes, mripat kaeremake, tangan sedhakep, kang tengen tumumpang ana dhadha sisih kiwa, tangan kiwa tumumpang ana dhadha sisih tengen kanthi ngucapake sambat wingit, sambat urip, sambat wajib, telu-telune iki karingkes dadi:Kawula manunggal nyuwun Slamet. Iki wus nyakup sambat tetelune mau. Iki dalan kanggo manunggal suwung. Dene tegese tangan tengen tumumpang ana dhadha sisih kiwa lan tangan kiwa tumumpang ana dhadha sisih tengen ngemu teges nengenake kautaman katimbang kawibawan. Sambat iki katindakake saben jam : 07.00 sore Waspada paring wewarah marang wargane adhedhasar tuntunan suci Maha tunggal. Dene tuntunan suci Maha tunggal iku ana 90 ayat, iku kaperang-perang kaya ing ngisor iki a. Ayat 1 nganti ayat 11 ngemu teges babad dalan. b. Ayat 12 nganti teka ayat 17 ngemu teges Makarya kanggo ngopeni turun. c. Ayat 18 nganti teka ayat 21 ngemu teges Ndunungake pakaryan bab ngopeni turun, d. Ayat 22 nganti teka ayat 27 ngemu teges Pakartine manungsa digeret-geret menyang kajiman. e. Ayat 28 nganti teka ayat 31 ngemu teges Pakartining manungsa nanggulangi jim. f. Ayat 32 nganti teka ayat 40 ngemu teges Manungsa wiwit ditata. g. Ayat 41 nganti teka ayat 47 ngemu teges Manungsa dipraboti dening sing gawe urip. h. Ayat 48 nganti teka ayat 51 ngemu teges Manungsa nggunakake prabot iku. i. Ayat 52 nganti teka ayat 60 ngemu teges Manungsa nggunakake prabot iku. j. Ayat 61 nganti teka ayat 90 ngemu teges Manungsa nggunakake prabot kanggo ngabekti marang Pangeran, pangopening turun, sarta kanggo tataning nagara. AYAT : 1. Urip soroting Pangeran. Aku wijining Pangeran. Uwong pirantining aku kanggo urip. Mangkene jlentrehe : Iki jlentrehe menawa manungsa dumadi saka telung bageyan (telung perangan ). Ya kuwi kang den arani urip tan liya pepadhaning Pangeran upama lampu iku padhange. Kang den arani aku, wiji saka Pangeran ing tembe wiji iki bali marang Pangeran. Uwong : Wadhahing si aku utawa wadhahing wiji, supaya si wiji bisa urip. AYAT 2. Ingsun : dumadining aku lan urip dadi siji. Sang Guru Jati manunggaling aku urip lan rasa sejati. Rasa sejati : manunggaling rasa sangsara, rasa seneng, rasa manunggal, rasa makarya, lan rasa manembah. Lire mangkene : Ingsun : iku nyawijining si aku lan Urip utawa (soroting Pangeran), uga diarani Sang Hana kang wus makarya. Sang Guru Jati dumadi saka urip, aku lan rasa sejati kang wus manunggal. Ya Sang Guru Jati iki kang paring wewarah. Rasa sejati rasa seneng (bungah), rasa sangsara (sedhih, susah), rasa makarya (rasa tumandang) lan rasa manembah (ngabekti) kang manunggal, nganti ora bisa mbedakake endi rasa seneng, endi rasa sangsara, endi rasa manunggal, endi rasa makarya, endi rasa manembah. AYAT : 3. Aku, uwong, urip dumadining manungsa, manunggaling aku, uwong, urip kang den arani kawula. Aku lan urip makarya kang den arani Gusti. Kawula nunggang rasa ngadhep urip kang ingaranan budi. Mangkene cethane : Dumadining manungsa saka aku, uwong ( piranti ) lan urip. Menawa urip lan uwong wus manunggal, iki diarani kawula utawa manungsa sawutuhe. Menawa aku lan urip manunggál dadi siji, kang makarya utawa wus tumandang iku diarani Gusti. Kawula ( blegering manungsa sawutuhe ) nunggang rasa ngadhep urip, iku diarani budi. AYAT : 4. Waspada : aku, rasa, urip dadi siji Wong tuwa sejati kawruh, aku, ngadhep urip. Mangkene cethane : Nyawijining aku, rasa, urip ingaranan Waspada. Dadi waspada iku dudu pengati-ati, uga dudu tindak tanduk, nanging aku, rasa lan urip kang dadi siji. Wong tuwa sejati wewarah Waspada, aku kang wus ngadhep urip utawa sawise manungsa antuk wewarah waspada, wewarah mau dadi siji lan aku kang wus ngadhep urip. AYAT : 5. Jroning rasa dumunung suci, jroning suci dumunung langgeng, jroning langgeng dumunung suwung, jroning suwung hana. Mangkene jlentrehe : Rasa iku suci, ora gelem ngapusi, ora gelem goroh, upama rasa legi iya legi, upama rasa pait iya pait, karana rasa iku suci, rasa kedunungan langgeng, ora owah gingsir, tur ora wujud, amarga duwe sipat kedunungan suwung, menawa bisa suwung lagi hana. Tegese Ana tuduhing Pangeran kang ditampa dening si aku lumantar rasa. AYAT : 6. Sejatine urip tan liya langgeng. Urip sejati tan liya soroting Pangeran. Urip sejati kang dumunung ana napas. Sejatining urip kinarya makaryane napas. Mengkene werdine Sejatine urip iku ora owah gingsir selawase anane mung urip. Dene urip sejati iku pepadhanging Pangeran kang dadi siji ana napas, karana urip dadi siji ana napas, napas bisa makarya (bisa mobah lan mosik). Dadi makaryane (mobah mosike napas) amarga urip dadi siji ana napas kang ora owah gingsir / langgeng. AYAT : 7 Manunggaling aku kang dadi siji lan kowe, mahanani kawula lan Gusti manunggal. Manunggaling kawula lan Gusti kang katata urip, kinarya ngabekti urip. Ngabekti urip tan beda tataning rasa manembah. Sing sapa wruh ing panuju, sasat pinageran waja, iki kang mayungi urip, nanging lamun si kowe, tan bisa nuju wecaning si aku, kang katata urip, tangeh tekane. Iki kang ingaranan murtat. Tegese ora mangerteni dalane panembah. Mangkene jientrehe : Manunggaling aku kang dadi siji karo piranti lan prabot, iki mujudake kawula Gusti kang manunggal. Menawa manunggaling kawula lan Gusti katata dening urip, iki kanggo ngabekti urip. Menawa ngabekti urip iku ora beda karo tataning rasa manembah Sing sapa bisa ngladeni lan bisa ngrasakake rasane liyan, prasasat kinubengan pager waja, awit pinayungan dening urip, nanging menawa piranti lan prabot ora bisa mangerteni wewarahing aku kang katata dening urip, tangeh anggone ngabekti bisa teka. Pangabekti kang ora bisa teka, awit ora ngerti dalane panembah, iki kang diarani murtat. AYAT : 8. Cupumanik asthagama kinarya mangerteni gambaraning urip kang maweh pituduh kanggo runtuting rasa, iki kang den arani ngadhep neng urip, uga ingaranan manunggal. Sing sapa bisa mangerteni gambaraning urip, kena kinarya pamunahing satru, dumadining gambar lamun aku nunggang waspada ngadhep urip. Mangkene cethane mungguhing ayat 8. Cupumanik asthagama ya iku kang diarani jagad cilik kang dumunung ana manungsa, gunane kanggo mangerteni dhawuhing urip kang awujud gambar, kanggo njaga runtuting rasa. Menawa wus bisa mangerteni utawa bisa nampa dhawuhing urip kang awujud gambar mau, iki diarani ngadhep marang urip, iya diarani manunggal. Dadi menawa manunggal bisa nampa dhawuhing urip, menawa wus bisa nampa dhawuhing urip senadyan awujud gambaran, iki wis kena kanggo nanggulangi sarta pamunahing satru. Bisa nampa garnbaraning urip menawa Si aku nunggang waspada ngadhep urip, uga kena diarani aku nunggang rasa kang wus katata urip kanggo ngadhep urip. AYAT : 9. Sang Gurujati manunggaling aku lan Ingsun kang maweh pituduh kanggo nindakake kautamaning rasa. Sakabehing tumindak kang ngenut rasa kang wus katata urip, dadi tetungguling utarna, sapa wanuh dadi marganing pituduh, nanging sapa tumambuh dadi marganing mungsuh, sapa manunggal katata. Mangkene cethane : Sang Gurujati kang paring pituduh kanggo nindakake kautamaning rasa iku dumadi saka manunggaling aku lan Ingsun (aku kang dadi siji lan urip). Sakabehing tumindak kang ngenut rasa kang wus katata urip, anane tansah nindakake apa kang wus rinasa ana ironing rasa kang tumuju kautaman. Sing sapa wanuh kelawan urip iki dadi dalaning pituduh, nanging sing sapa tumambuh (ora wanuh karo urip) dadi mungsuhe, sing sapa manunggal kalawan urip bakal katata AYAT : 10. Pituduhing urip kang lumantar rasa, bisa katampa dening si kowe : lamun sira kowe ngabekti urip, pangabektine kowe bisa teka, larnun manunggal lan aku nunggang waspada. Sajroning mati urip mayungi, sajroning urip aku lan kowe dadi siji. Mangkene andharane : Lamun piranti ngabekti urip, bisa nampa dhawuhing urip lantaran rasa. Dene pangabektine si piranti, piranti manunggal aku nunggang waspada. Menawa piranti wis ora makarya urip mayungi (pinayungan dening urip). Menawa isih urip aku lan piranti dadi siji. AYAT : 11. Jroning urip, aku lan kowe dadi siji mung bae yen kowe mati ora bisa kapasthekake dadi siji, yen sajroning urip. nganti tumekaning pati, ora tansah kalawan pituduhe Sang Gurujati. Mangkene jlentrehe : Nalika isih urip aku lan piranti dadi siji,mung bae menawa raga wus mati, durung bisa kapasthekake dadi siji, mapane saenggon-enggon. Nanging menawa piranti tansah nindakake pituduhing Sang Guru jati, piranti bisa bali marang urip, mapane katata urip. AYAT : 12. Sarira tunggal urip murba katata urip, kawula lantaran dados tanggulanging satru. Ingsun paring weca lantaran waspada. Kawula rumagang kinarya nuhoni dhawuhing urip. Kawula nuhoni dhawuhing urip Pangeran mayungi. Iki ngemu teges : Menawa wiji lan piranti wus dadi siji, urip murba, purbaning urip marang piranti lan wiji kang dadi siji katata dening urip, bisa nanggulangi satru. Pangeran paring weca lumantar waspada. Tumandange si kawula, ora ana liya kejaba hamung kanggo nuhoni lan ngantepi janjining urip kang wus ditampa. Menawa si kawula tumandang ngantepi dhawuhing urip Pangeran tansah mayungi. AYAT : 13. He, sira aku, sira ngabektiya mring urip, sira rumagang kanthi pituduhe, tuhuwa manut rasa sejati kang wus kapurba urip. Sing sapa aku aling-aling piranti, kena pangalapaning setan. Sadurunge aku dumadi, sira aku wijining Pangeran, sawise dumadi Pangeran mayungi. Mangkene tegese : Pangeran paring dhawuh, supaya si aku ngabekti marang urip, menawa si aku tumandang supaya tansah manut pituduhing urip, kejaba manut tuduhing urip, uga supaya tansah manut rasa sejati kang wus kapurba urip. Nanging menawa si aku rnakaryane tansah lelandhesan pituduhing piranti, bisa kalap marang pangalapaning setan. Si aku sadurunge dumadi wiji saka Pangeran, nanging sawise dumadi wujud, tansah pinayungan dening Pangeran. AYAT : 14. Aku kang tan wikan urip, aja ngarep-arep balinira, iki kang den arani kalap. Ingsun kenaa kinarya lantaran kanggo manunggal rahayu kang pinanggih. Iki ngemu teges : Si aku (wiji saka Pangeran) menawa ora weruh marang urip aja ngarep-arep bali mring asal-usul (bali nyawiji suwung), ya sing ora bisa bali nyawiji suwung iki kang diarani kalap. Ngadhep marang Pangeran bisa dadi lantaran kanggo manunggal, menawa wus manunggal anane mung rahayu. AYAT : 15. Sumurupa, he sira aku, tuhune Pangeran iku suwung, tuhune suwung iku ana, tuhune Hana, lamun suwung. Ing kono sira aku bisa manunggal mring urip. Mengkene tegese : Pangeran paring dhawuh, Pangeran iku sejatine suwung, menawa wus bisa suwung lagi hana, lagi bisa hana yen wis bisa suwung. Yen wis bisa suwung, si aku lagi bisa manunggal lan urip. AYAT : 16. Sucining aku lamun sira aku bisa manunggal mring urip.. Tuhune manunggal lamun sira aku nunggang waspada.. Ratuning utama tan kena panggangguning setan, jim, lan bekasakan. Iki ngemu teges : Si aku bisa suci menawa si aku bisa manunggal kalawan urip. si aku bisa rnanunggal urip lamun si aku nunggang waspada (menawa si aku wis bisa nunggang waspada lagi bisa manunggal urip) Sing sapa wus bisa manunggal urip, ya iku sing utama. Watak utarna, jim, setan lan bekasakan padha ora wani ngganggu. AYAT : 17. Sumurupa sira aku, Ingsun murba lan misesa jagad saisine, lan sira aku Ingsun wenangake dumadi, kena migunakake kanggo piranti dumadi ana alarn donya. Tan kena manembah sapa bae kejaba Pangeran, lantaran ngabekti urip. Mengkene jlentrehe : Kawruhana, jagad saisine iki kang nguwasani lan mangreh ora ana liya kejaba hamung Pangeran. Dene si aku diwenangake dumadi ana alam donya dening Pangeran, Pangeran maringi wewenang marang si aku, kena hanggunakake kanggo piranti dumadi ana alam donya. Nanging si aku ora kena. manembah marang sapa bae, kejaba marang Pangeran kang maringi wewenang, kanthi ngabekti urip. AYAT : 18. Sumurupa, sadurunge sira aku ana, kang ana suwung, Suwung hana, aku urip dumadi. Aku urip dumadi, Pangeran paring daya kanggo durnadining rasa Dumadining rasa, aku urip murba. Mula, kawula kang dumadi hamung lantaran nuhoni janjining urip. Aku lan urip dadi siji lantaran waspada, kawula lan Gusti kang ana.. Mengkene tegese : Mangertenana sadurunge si aku hana, anane harnung suwung tanpa wangenan, sawise suwung lagi hana, sawise hana aku lan urip dumadi, Pangeran paring daya kanggo dumadining rasa (rahsa) Menawa rahsa wus dumadi urip murba. Mula, kawula kang dumadi ana alam donya, sejatine hamung kanggo nuhoni janjining urip. Menawa aku lan urip dadi siji kañg lantaran waspada, kang ana hamung kawula Gusti. AYAT : 19. Aku lan kowe kang manunggal urip, Sang Gurujati kang ana, He sira aku, rumangsanana lamun Ingsun kang murba. Lumakuwa lumantar rasa ngadhep urip, ing kono bakal keternu gurunira kang sira upadi. Tumujuwa urip Ingsun kang ana, iki kang ingaranan mati. Mengkene cethane : Menawa aku lan piranti wus manunggal kalawan urip kang ana Sang Gurujati. Mula rumangsanana lamun si aku kuwi kapurba dening Pangeran.. Menawa aku ketemu gurunira sing kok goleki, kanthi tumindak kang tansah ngenut rasa kang wus ngadhep urip. Menawa Si aku ngadhep tumuju urip kang ana hamung Ingsun. Ya iki kang ingaranan mati sajroning urip. AYAT : 20. Tumindaka, he sira kowe tumuleha mring urip, rukuna myang pirantining urip. Tumuleha anane suwung, sesuciya mring suwung lumantar rasa manunggal, ing kono suwung kang ana. Tumuleha mring suci, lumantar rasa manembah, ing kono langgeng kang ana. Iki kang ingaranan Gusti. Cethane mengkene : Menawa piranti arep makarya, tansah ngadhep urip, kabeh pirantining urip bisa rukun. Menawa ngadhep marang suwung sesucia kanthi rasa manunggal, ing kono hamung suwung kang ana Menawa makaryane lelandhesan suci, kanthi dhasar rasa rnanembah, kang ana hamung langgeng : ya iki kang den arani Gusti. AYAT : 21. Sumurupa he sira kowe, langgeng murwani anane rasa lima dadi siji. Urip anguripi tan kena pisah langgeng, urip anguripi tan kena pisah rasa lima dadi siji. Runtute langgeng urip anguripi kang ingaranan Ratu. Tegese mengkene : Mangertenana menawa wis ora owah gingsir hambukani rasa lima bisa dadi siji. Menawa urip wis bisa anguripi, ora bakal owah gingsir, lan ora bakal pisah rasa lima kang wus dadi siji. Menawa urip wis bisa anguripi kanthi runtut tur ora owah gingsir, ya iki kang diarani Ratu. AYAT : 22. Rumaganga gawe mamrih kuncaraning bangsa, panembahing aku lan uwong mring urip, kinarya lantaran tataning negara, Ingsun tan liya manunggaling aku lan urip nunggang waspada. Anane manungsa dumadi, dititahake dening Pangeran, kinarya ngabekti urip, lan makarya kanggo ngudi kuncaraning turun, lan mratakake dhawuhing urip. Mengkene jlentrehe : Tandang gawe apa bae ora liya harnung kanggo kuncaraning bangsa.. Menawa piranti lan aku ngabekti urip, iki dadi lantaran tataning negara Kang diarani Ingsun ora liya. aku lan urip manunggal nunggang waspada. AYAT : 23. Dhawuhing urip rnring Adam, kang tegese adam : Kamulyaning titahing Pangeran kang dumunung manungsa. Sadurunge ana Pangeran,anane suwung tanwangenan, suci tan wujud, langgeng tan watesan, rukun tan ana rowang, luhur tan awujud, asih tanana sengsem, adil tan ana kang den edumi. Sorote handayani anane hawa, anane rasa, anane bumi, anane geni, anane banyu, anane thethukulan, anane kewan. Mengkene tegese : Urip paring dhawuh, sejatine adam iku rasa sengsem paringing Pangeran kang dumunung ana manungsa, titah liyane ora ana sing kadunungan. Sadurunge Pangeran ana, kang ana suwung tanpa wangenan. Asipat suci nanging ora wujud, asipat langgeng tanpa watesan, asipat rukun nanging tanpa kanca, asipat luhur nanging ora wujud, asipat asih nanging ora ana rasa sengsem, asipat adil ora ana kang den edumi. Sorote handayani anane hawa, anane rasa, anane bumi, anane geni, anane banyu.. Sawise nitahake hawa, rasa, bumi, geni, lan banyu, Pangeran nitahake thethukulan. Sawise nitahake thethukulan, Pangeran nitahake kewan. AYAT : 24. Anane hawa handayani dumadining urip amurba. Anane urip amurba handayani dumadining tutuwuhan ana. Dumadining thethukulan handayani anane kewan dumadi. Titahing Pangeran awujud pirantining rasa dumadi. Mengkene cethane : Sawise Pangeran nitahake hawa mahanani dumadining urip bisa anguripi. Karana urip bisa anguripi mahanani dumadining thethukulan. Iki mangertenana Pangeran nitahake thethukulan mamrih ngreti lan ngabekti marang kang nitahake, nanging thethukulan durung bisa ngreti marang kang nitahake. Awit thethukulan dumadi sakawiji lan piranti kang kasorot urip. Sawise nitahake thethukulan Pangeran nitahake kewan, iki dipraboti luwih katimbang thethukulan, dipraboti luwih supaya kewan ngreti lan ngabekti marang kang nitahake, nanging kewan uga durung ngreti marang kang nitahake. Awit kewan dumadi saka piranti, wiji lan pangrasa kang kasorot urip. Titahing Pangeran kang kasad mata iki, kanggo pirantining rasa kang wus dumadi. AYAT : 25. Kinarya mangeran mring Ingsun, mula Ingsun nitahake marang sira aku anututana rasa kang Ingsun titahake rumuhun, urip bakal amurba apa kang ana dadi pirantinira. Sira kowe rasa aku dumadi, amadhahana kanthi piranti kang ana, hadumadiya nututana rasa aku kang manunggal urip, anane mung rukun. Rumeksaa anane wujud, tumangkara anane sujud, manembaha mring urip, iku dalanira bali, aku anane manut. Mengkene jarwane : Kanggo manembah marang Pangeran, mula Pangeran nitahake : si aku nututi rasa kang dititahake luwih dhisik, mengko urip bakal anguripi apa kang ana, kacawisake, dadi pirantine si aku kanggo dumadi. Sawise piranti, rasa lan aku dadi siji, kanggo madhahi prabot kang ana mamrih dumadi, nututi rasa lan aku kang manunggal urip, iki anane mung rukun. Menawa wus wujud supaya tansah diopeni mamrih bisa lestari lan dadi,kanggo angrembakaning pangabekti, sarta kanngo dalan balinira, rnula manembaha marang Pangeran lumantar urip si aku hamung manut. AYAT : 26. Lamun sira aku tan weruh mring urip, anane mothah tan nganggep urip, anane peteng tan wikan marganing manunggal. Mengkene tegese : Si aku kang ora weruh marang urip, si aku hamung tansah mothah, tegese mothah tumindake mung sakarepe dhewe tanpa waton bebuden kang luhur, ora nganggep marang urip Menawa Si aku ora nganggep marang urip, anane mung peteng, ora ngreti keblat endi sing kudu dituju, awit ora weruh dalane manunggal, bebasane aburing kinjeng kang tanpa mata. AYAT : 27. Rusaking wadhah dadiya piranti ngadhep mring suwung, sucining wadhah gumantung manembahira mring urip. Ratunira Ingsun kang dumunung ana langgeng, nabinira rasa kang dumunung ana aku, lamun sira kowe mangeran mring aku, urip tan anampa. Mengkene tegese : Menawa wadhah wus rusak dadi sarana kanggo ngadhep marang suwung, si wadhah bisa suci iki hamung gumantung anggone ngabekti marang urip. Sesembahanira Ingsun kang ora owah gingsir, panuntunira rasa kang nyawiji klawan aku. Lamun piranti mangeran/nyembah marang si aku, pangabektine si aku ora bisa di tampa dening urip. Karana pangabektine Si aku ora di tampa dening urip, si aku ora katata lan katuntun dening urip. AYAT 28. Sumebarna dhawuh Ingsun, suci kang ana, rampunging dhawuh Ingsun, anane wujud, anane wujud wus dumadi Pangeran manyungi. Mengkene tegese : Pangeran handhawuhi supaya kabeh dhawuhe disebarake / diwaratakake, maratakake dhawuhing Pangeran iki suci. Sarampunging dhawuhing Pangeran mahanani wujud, menawa wujud wus dumadi Pangeran mayungi. AYAT 29. Sumurupa, ya mung menungsa kang Ingsun titahake hamurba. ananing piranti. apa kang dumadi Ingsun wenangake nganggo. Pusakanira awujud gambaraning urip, mula manembaha mring urip. Iki ngemu teges : Mangertenana titahing Pangeran kang diwenangake amurba anane piranti ora ana liya kejaba hamung manungsa, apa bae kang dumadi ana alam donya diparengake nggunakake. Pusaka piyandelira awujud gambaraning urip, mula ngabektiya marang Pangeran lumantar urip. AYAT : 30. Iki sangunira anane suci. Iki gamanira anane suwung.. Iki panganira anane pepak. Iki sandhanganira anane basa.. Iki turunira anane prabot. Ngemu teges Pangeran paring sangu awujud sipat kang suci. Karana disangoni sipat kang suci, gamanira ora liya hamung suwung. Pinaringan pangan pepak cumawis. Pinaringan sandhang awujud basa, minangka kanggo srawung. Pinaringan prabot kanggo tumataning turun ing tembe. AYAT : 31. Sawise manungsa dumadi, Ingsun nitahake pangane piranti. Sumurupa anane piranti kinarya praboting manungsa dumadi. Dene panganira hamung sumangga urip, tur sing kena. Nanging poma tan kena meksa, lan tan kena misesa, iku kuwasaningsun. Mengkene tegese : Sawise manungsa dumadi, Pangeran nitahake pangane piranti. Nanging sumurupa piranti iku dititahake dening Pangeran minangka praboting manungsa sawise dumadi. Mula si aku aja nganti dadi pangane piranti, tegese si aku aja nganti dadi tunggangane piranti. Dene pangane piranti kapasrahake marang urip, senadyan wus pasrah marang urip mung sing kena dipikut. Iki aja nganti meksa lan misesa, sebab kabeh iku kuwasaning Pangeran (ana astane Pangeran). AYAT : 32. Tumuruna mring donya, he sira aku lantaran Ingsun, urip amurba, aja lali pirantinira kang den weca rumuhun, sesucia mamrih turunira ana. Tumuruna pepak, urip amurba, sumungkema, aja noleh slamet kang ana. Tumujua mring Ingsun, laliya marang pangajab ala. Tumataa aja sungil. Saiki manunggala apa kang wus kasediyakake. Mengkene tegese : Pangeran dadi lantaran tumurune si aku marang alam donya, urip bakal amurba, nanging aja lali piranti kang kacetha/katerangake dhisik. Kanggo turunira tansah sesucia supaya ing tembe turunira bisa katata.. Menawa si aku tumurun kanthi pepak cumawis, urip murba, pangabektimu aja tumoleh marang sapa lan apa bae anane mung slamet. Menawa tansah eling marang Pangeran, bakal lali marang kekarepan kang ala. Sing tumata aja wengis/ sungil. Mula manunggala klawan kabeh peparinging Pangeran kang wus kasedhiyakake. AYAT : 33. Sarampungira ana donya, Ingsun kang nuntun mring suwung, turunira katata urip slamet kang pinanggih. Sawise sira aku ngadhep mring suwung, pasrahna kabeh piranti kang sira anggo mring urip. Mengkene tegese : Menawa kuwajibane ana alam donya wis rampung, Pangeran kang nuntun marang suwung (bali mring asal-usule), menawa wus bisa bali manunggal suwung turunira katata urip anane slamet. Mamrih bisa bali ngadhep marang suwung kabeh piranti sing kok anggo ana alam donya balekna pasrahna marang urip. AYAT : 34. Ingsun anitahake manungsa dumadi mring donya, mamrih ngudi turun kanthi manembah mring urip, kanggo angandelake lamun anane suwung iku ana. Mulane iki dalanira manembah mring suwung. Mengkene tegese : Pangeran nitahake manungsa dumadi marang alam donya iku, supaya ngudi turun kanthi manembah urip, kanggo ngandelake menawa suwung iku ana. Mula kaya kang kacetha iki minangka dalane si aku manembah mring suwung. AYAT : 35. Anane aku saka Pangeran, anane Pangeran suwung kang hana, Ingsun tan wujud, urip kang ana, aku nyuwun slamet. Kawula hamung sadrema tumitah, Pangeran paring daya. Kawula hamung sadrema, makarya urip kang anata. Kawula sadrema ngopeni turun, Pangeran paring asma. Iki ngemu teges : Asal usule si aku ora ana liya, kejaba hamung saka Pangeran. Pangeran iku sejatine suwung, menawa wus suwung lagi hana. Pangeran iku ora wujud, hamung urip kang ana, Si aku nyuwun slamet Kawula hamung sadrema tumitah, kang maringi daya hamung Pangeran Kawula hamung sadrema makarya, kárana panataning urip. Wenawa kita ngopeni turun ora linggar saka janji kang wus ditampa, Pangeran tansah paring kanugrahan. AYAT : 36. Kaluwihanira ana lamun sira kowe ngudi rasa, rasanira ngenut urip. Prabotira rukun, tan senggolan, cedhak tan katon, adoh tan kari. Panganira sujud, lakunira amor, payungira Ingsun Ratunira langgeng, mripatira urip, bayunira wong tuwa sejati. Sambatira mati. Mengkene tegese : Sipiranti bisa luwih menawa piranti ngudi rasa, amarga si rasa tansah ngenut urip. Kabeh prabot rukun, nanging ora senggolan, cedhak nanging ora katon, adoh nanging ora gelem kari. Pangane si piranti hamung sujud, awit dadi siji klawan si aku, mula pinayungan dening Pangeran. Turutane langgeng, pengawasane urip, kekuwatane wong tuwa sejati. Sambate mati tegese mati hamung sumangga urip. AYAT : 37. Papanira janjining urip, mulya tan seneng, rosa tan mikul. Dananira suci ngabekti urip. Tamengira rahayu, anane slamet. Mengkene tegese : Menawa nindakake apa bae lelandhesan janjining urip, rumangsa mulya nanging ora bungah, kekuwatane luwih naning ora rumangsa mikul. Dedana awujud apa bae anane mung eklas lair trusing batin kang ora ngemu pamrih, mula pinayungan rahayu, mamrih slamet. AYAT : 38. Nabinira rasa sejati, tungganganira Waspada, Sesucia anane cahya, Walinira tuturing urip, Iki anane sabar. Tegese mengkene : Panutanira ora ana liya kejaba rasa sejati, uga tungganganira hamung waspada. Menawa tumindak suci, kang linambaran budi luhur, kang katon anane mung cahya sumunar marang sadhengah papan. Tumindak apa bae tansah lelandhesan tuduhing urip, anane nung tansah eling, sabar. AYAT : 39. Mungsuhira pangajab ala, klambinira waris papat, padha rupane, seje panggonane, nunggal wadhahe, gampang anane Matia kinarya slamet. Uripa mamrih ayem. Mengkene cethane: Aja nganti nduweni pangajab ala, mula dipenganggoni waris papat, kang pada rupane, tunggal wadhahe hamung seje panggonane, menawa diudi gampang anane. Kanggo nuju marang keslametan ora liya hamung sumangga. menawa tansah eling marang kang peparing mahanani ayem. AYAT : 40. Anane kawula hamung rumagang gawe lan ngabekti urip, kinarya ngopeni turun. Panggladhinira Sang Guru jati. Kitabira batin. Panganira murah. bangsanira pamrih. Sambatira jumbuh. Iki ngemu teges : Kawula dumadi ana alam donya iki mamrih makarya lan ngabekti rnarang Pangeran lumantar urip, kanggo ngopeni turun. Panuntune Sang Guru jati, winadhahan batin, pangane pepak cumawis, kang ora ngemu pamrih. Dene sambatira kanggo jumbuh lan wanuh marang urip. AYAT : 41. Sawise Ingsun paring murah, sira aku anane marem.. Sowanira mring urip, mahanani sira kowe manunggal lan Ingsun Mula tan poma he sira aku manunggala urip. Iki ngemu teges : Sawise Pangeran paring kemurahan marang si aku, anane mung marem Menawa si aku ngadhep urip, mahanani si piranti bisa manunggal lan Pangeran. Mula aja nganti si aku ora manunggal marang urip. AYAT : 42. Purbaning urip mring panembahira mring adil, handayani ruwating pangrayahing liyan. Mengkene tegese : Kuwasaning urip marang panembahe si aku kang tansah tumemen lan eklas, mahanani kabeh pangrayahing liyan bisa luluh. AYAT : 43. Purbaning urip lumantar Ingsun, mahanani sira aku lawan sira kowe makarya nanggulangi pangrayahing liyan, kang ngendhih kautaman. Mula tumandanga gawe tumuleha Ingsun. Ing kono pakarti dur luluh, mahanani sira aku lan sira kowe bisa katata urip, dalah saturunira nganti teka turun pitu. Rukunira marang pirantinira mahanani slamet. Dunungira manunggal Ingsun. Tamunira runtut sumungkem. Mengkene cethane : Kuwasaning urip kang lumantar Pangeran mahanani si aku lan pirantine tumandang nanggulangi pangrayahing jim, setan (liyan) kang ngendhih kautaman. Mula menawa arep tumandang nyambut gawe apa bae aja nganti ora lelandhesan tuduhe Pangeran, awit tuduhing Pangeran kuwawa ngluluhake tumindak kang ala. Hanjalari si aku lan pirantine katata dening urip, nganti mahanani slamet. Panggonanira dadi siji kalawan Ingsun. Sapa-sapa kang padha teka lan neneka tansah runtut awit kuwawa mapanake kang samesthine. AYAT : 44. Ingsun paring pidana marang sira aku, lamun sira aku angaku Ingsun, ing kono rusaking pangabekti mring urip. Sumurupa sing sapa kumingsun, rukunira rujat, turunira ancer, masanggrahira tan kena den temtokake. Hamung sadurunge sira aku ninggal piranti, kagubel pedhuting donya, kang mahanani sira kowe kendhih dening piranti. Kumpuling piranti angendhih sira aku, mamrih kalap dadi piranti. Iki ngemu teges : Pangeran paring pidana marang si aku lamun si aku ngaku Pangeran. Iki mahanani pangabektine si aku marang urip dadi rusak Mangertenana sing sapa kumingsun marahi ngrusak kerukunan, turune mung kanggo tenger, menawa manungsa nduweni kewajiban run-tumurun. Dene manggone ing tembe ora bisa ditemtokake, bebasan hamung saenggon-enggon. Sadurunge di aku bisa pisah kiawan piranti, kahanane hamung peteng, awit kagubel pedhuting kadonyan, amarga kendhih (kalah) kiawan kekuwatane piranti. Kumpuling piranti kang hangendhih si aku, supaya si aku kalap dadi piranti. AYAT : 45. Ingsun paring pangapura, lamun sira kowe manembah urip, nanging dipoma he sira kowe, jagad tan kena sinembah, uga tan kena siningkur, hamung akarya dumadi. Ingsun paring janji, mamrih murakabi ananing bebrayán. Nanging sumurupa, janjining urip lamun sira aku noleh mring piranti, mesthi kabuntel piranti nira. Jagad cilik tan siwah jagad gumelar, iki kinarya wadhah sawliring isining jagad raya. Iki ngemu teges mengkene : Pangeran paring pangapura lamun si piranti melu manembah urip. Nanging poma dipoma jagad aja nganti disembah, lan aja nganti disingkur (kok lirwakake), hawit jagad kanggo wadhahe kabeh kang dumadi ana alam donya. Pangeran paring janji, marang si aku lumantar urip. Karana janji kuwi bisaa murakabi kabeh bebrayan. Nanging mangertenana janjining urip iki larnun si aku tansah ngadhep piranti, si aku bakal kagubel pirantine. Jagad cilik ora beda jagad gumelar, iki kanggo wadhah kabeh isining jagad raya. AYAT : 46. Kawula lan Gusti kasarira tunggal, iki kang ingaranan manunggal. He sira kowe iki kang ana mung rukun. Jumbuhing kawula lan Gusti angadhep urip iki kang den arani: pujangga waspada. Kumpuling jayaning urip ingaranan pasopati, kasarira tunggal ana ati. Mula sira kowe kang kudu hanggunakake. Mengkene tegese : Kang diarani manunggal, menawa kawula lan Gusti wus kasarira dadi siji. Menawa wus bisa manunggal kabeh piranti anane hamung tansah rukun. Sing diarani Pujangga Waspada ya kuwi jumbuhing kawula lan Gusti angadhep urip. Dene pasopati ya kuwi kumpuling jayaning urip kang nyawiji ana ati, iki kang wenang nggunakake ora liya ya mung si prabot (piranti ). AYAT : 47. Ingsun paring gaman, he sira kowe, iki kinarya babad dalan rumagang gawe ngudi rahayu, gaman iki awarna daya kang wus kasarira siji, rnapan papan kang wus kapapanake dening urip. 1. Guwa wijaya : kasarira tunggal ana suwung, makaryane: mati 2. Guwa tundha : kasarira tunggal ana cupu manik astha gama, yaiku kang ingaranan jagad cilik, mapane ana langgeng, makaryane sambat urip. 3. Rujak polo dadi siji rasa sejati, makaryane bener. 4. Cakrabaskara : manunggal lan netra, makaryane nganglang, iki kanggo nanggulangi roh kang kalap.. 5. Brajamusthi Brajadenta : kasarira tunggal ana epek-epek kiwa tengen, makaryane ngruwat, sumurupa he sira kowe, iki mung kena kagunakake lamun ana pituduhe. 6. Kembang jaya mulya : kasarisa tunggal ana pangrasa, kinarya hambukak dayaning urip kang kabuntel soroting piranti. 7. Sarutama : kang mor suh lajering pingitan. 8. Kandhang rujat : kasarisa tunggal mring kapaling sikil, kinarya ngrucat dayaning seluman. 9. Pendhawa tandang : kasarira tunggal mring rasa sejati makaryane ngawut iki kanggo tataning negara. Mengkene tegese : Si piranti diparingi gaman dening Pangeran kanggo babad dalan, tumandang gawe ngudi karahayon.. Dene gaman mau awujud daya kang wus nyawiji dadi siji, mapan papan kang wus kapapanake dening urip. 1. Guwa wijaya : nyawiji dadi siji ana suwung, makaryane : mati. Lire mati: manunggal suwung sumangga urip.. 2. Guwa tundha : nyawiji dadi siji ana cupu manik astha gama (jagad cilik) dene mapane ana langgeng, iki tumandange sambat marang urip. Lire Guwa tundha tumandange hamung sambat urip awit mapane ana langgeng ora owah gingsir. 3. Rujak polo : dadi siji ana rasa sejati makaryane bener. Mula mapane ana rasa sejati, awit rasa sejati anane mung bener, mula tumandange rujak polo hamung tumuju marang bener. 4. Cakra baskara : mapane ana mripat, iki tumandange nganglang kanggo nanggulangi roh kang kalap. 5. Brajamusthi lan Brajadenta : mapan nyawiji dadi siji ana epek-epek kiwa tengen tumandange kanggo nggrayang angruwat. Nanging mangertenana kena nggunakake gaman iki, lamun ana tuduhe urip. 6. Kembang jaya mulya : mapane nyawiji dadi siji ana pangrasa, iki gunane kanggo rnbukak dayaning urip kang kabuntel soroting piranti. 7. Sarutama : campur dadi siji ana lajering pingitan. 8. Kandhang rujat mapane nyawiji dadi siji ana kapale sikil, iki kuwasa ngrucat dayane seluman. 9. Pandhawa tandang : mapane ana rasa sejati, iki tumandange ngawut , anane mung bener. Sapa bener dibeneri, sapa luput iya dibeneri Iki kanggo tumataning bebrayan sarta negara. AYAT : 48. Mengkene cethane : Ayat 48 iki nggambarake jerohane manungsa lan makaryane. Puntadewa : nggambarake urip mula dumunung ana jantung. Werkudara : nggambarake rahsa kang dumunung ing getih mula mubeng maratani saranduning badan. Janaka : nggambarake wiji utama kena diarani karep kang suci. Nakula Sadewa : digambar kembar ora ana bedane, iki kanggo tetimbangan, mula mapane ana kebuk kiwa tengen. AYAT 49. Ingsun hambukani makartining rasa, sumimpening rasa kang kudune dadi dutaning urip mring pakartining sira kowe ngudi runtut. Pandhawa iku uga ingaranan wadhahing kautaman kang kudune den tindakake dening pakartining budi. Luhuring budi tan liya : Sira kowe kang wis katata urip. Dununge budi tan liya kawadhahan suwung. Lakuning budi hambeg sapadha. Iki ngemu teges : Pangeran hamiwiti kanggo tumandange rasa, meneping rasa bisa dadi dutaning urip, mamrih tumandange piranti bisa runtut. Pandhawa iku uga diarani wadhahing kautaman, kang kudu ditindakake dening mobah mosike budi. Budi kang luhur ora ana liya hamung piranti kang katata urip. Karana budi diwadhahi suwung, mula lakuning budi hambeg sapadha. AYAT : 50. Ingsun nitahake sira aku, hamung lantaran manembah urip, kanthi nunggang waspada kang wus kapurba urip, balinira katut uripmanunggal Ingsun. Ratunira langgeng, bektinira mujudake janjinira kang wus sira tampa. Makaryanira rame, lungguhira manut pituduhe. Gamanira karep, tamengira suci, sangunira rahayu, iku tandange urip, hamung sira kowe rangkulen, iku kadangira jumbuh, bayunira runtut. Mengkene tegese : Pangeran nitahake si aku marang alam donya iku hamung supaya rnanembah urip, kanthi nunggang waspada kang wus kapurba urip, baline si aku ing tembe katut urip manunggal Pangeran. Sesembahanira langgeng ora owah gingsir. Bektine mujudake janji kang wus ditampa sadurunge dumadi. Tumandange rame, papan palungguhane manut pituduhe. Gaman piyandelira karep kang suci. Tameng aling-alingira hamung suci, sangunira rahayu, iku tumandange urip. Hamung si Piranti kudu ngrangkul tumandange urip iku, kabeh piranti lan prabot jumbuh, menawa iku jumbuh bayunira runtut. AYAT 51 Ingsun anitahake Ratu kanggo njaga pangwasaningsun, lan panutan darmaningsun. iku tan kena cedhak, nanging gandheng.. Tan kena takon, nanging nyuwun pituduhe. Iku tuhu wikan, kinanthenan rupa nanging tan wujud. Iku pangwasaningsun, kinanthenan rasa nanging tan kena den wadhahi. Kinanthenan daya, hamung kapurba urip, katambahan kriya makarya padha, loro wadhah siji rupane, pedhot tan kena sinambung. Mulur tan bisa pedhot, dawa tan ukuran, cupet tan ana renggange. Mula iku kabeh mati tan ana tilas, urip tan ana wujud, nanging manunggal sira kowe tan pisah aku. Iki ngemu teges : Pangeran nitahake Ratu kanggo hanjaga pangwasaning Pangeran lan minangka panutan darmaning Pangeran. Si aku ora kena cedhak, nanging gandheng, aja nganti takon, nanging nyuwuna pituduhe. Jalaran tuhu wicaksana, dikantheni rupa nanging ora wujud, awit iki pangwasaning Pangeran. Dikantheni rasa nanging ora kena diwadhahi. Dikantheni daya, kang wus kapurba urip, katambahan kriya kang tumandange padha. Loro wadhahe nanging siji rupane. Menawa pedhot ora bisa disambung, nanging menawa mulur, ora bisa pedhot. Yen dawa tanpa ukuran, menawa cupet ora ana renggange. Mula iki kabeh menawa mati ora ana tilase, menawa urip ora ana wujude. Awit nyawiji dadi siji lan piranti lan ora pisah klawan si aku. AYAT : 52. Ingsun anitahane panampa sudra, kaluhurane ngungkuli ratu, kawibawane ngluwihi nata.. Hamung sasana cinaket Ratu, lumaku tan handhisiki, mandheg tan cinaket, kendel kamurkan suthik kawirangan, miring kaantepan, hamung tan kena keri, tan bisa handhisiki, runtute hamung manunggal unip. Mengkene cethane : Pangeran hanitahake panampa sudra, kaluhurane ngungkuli ratu, kawibawane ngluwihi nata. Nanging manggone tansah cedhak kalawan ratu. Menawa lumaku ora handhisiki. Yen mandheg ora bisa cedhak. Iki kendel marang kamurkan, nanging emoh kewirangan. Seneng endha ora gelern ndhadha ( ngakoni ). Hamung ora kena keri nanging ora bisa ndhisiki, iki bisa runtut kalawan manunggal urip. AYAT : 53. Ingsun anitahake gurunira kang amengku ratu, manunggal urip makaryane slamet. Kembar tan ana loro, ijen tan kesepen, sugih kurang wadhah, asad tanpa kacidhuk, ruwet ingudhar gampang, cetha angel katampa, lungguh tan ginanjelan, ngadeg kurang dedeg, turu ngebaki papan, mati tambah den raketi, tumbuk tan senggolan, hamung sira aku kang wenang angudi, ketemune lamun suwung. Mengkene tegese : Pangeran hanitahake gurunira kang hamengku Ratu, nanging dadi siji nyawiji urip, tumandange hamung slamet, kembar ora ana loro, ijen nanging ora kesepen, iki sugih nanging kurang wadhah, tanpa kacidhuk nanging asad, ruwet nanging diwudhari gampang, cetha nanging angel ditampa, menawa ngadeg kurang dedeg, yen turu bisa ngebaki papan, menawa wus sumangga sarta pasrah tarnbah diraketi, yen tumbukan ora bisa senggol-senggolan, kang diwenangake hangudi ora liya kejaba hamung si aku, iki ketemune kalamun bisa suwung. AYAT : 54. Ingsun hanitahake panjaga rahsa, aku nuhoni janji sineksenan rahsa, wujud tan ana, ngarep slamet, buri suci bareng langgeng, sambat minangka jumbuh urip, hamung sira aku Ingsun wenangake tumbuk rasa kanggo mujudake sambat, lakunira runtut. Iki ngemu teges : Pangeran nitahake panjaga, kanggo panjagane rahsa, si aku anggone nindakake janji disekseni dening rahsa, nanging tanpa wujud, kang digayuh hamung supaya slamet, kang lelandhesan suci tur langgeng ora owah gingsir, sambat: minangka wanuh lan jumbuh urip. Kang diwenangake dening Pangeran hamung si aku, mamrih tumbuk rasa kanggo mujudake sambat, menawa wus bisa mujudake sambat lakune bisa runtut. AYAT : 55. Sira aku tuhune Ingsun rumeksa, Ingsun amisesa, Ingsun amurba, Ingsun kang kuwasa, kabeh kuwasaningsun, lamun tumambuh Ingsun, sira aku rukuna lan satruningsun. Ya iku kawulaningsun kang sujud raga, sujud durhaka, sujud Brahma, sujud pega, apa dene wreksa. Mengkene cethane : Pangeran iku rumeksa banget marang Si aku, nanging Pangeran iya amisesa, Pangeran iya amurba, Pangeran iya sing kuwasa, kabeh iku dadi pangwasaning Pangeran, kalamun si aku tambuh marang Pangeran, si aku supaya rukun klawan satruning Pangeran. Ya iku kawulaning Pangeran kang nyembah marang ragane, kang nyembah marang kadurakan, kang nyembah marang brahma, kang nyembah lumantar pega, apa dene kawulaning Pangeran kang nyembah marang kekayon. AYAT : 56. Ingsun anitahake pangan, kenaa amurakabi titah Ingsun kang sumungkem ratu, hamung sira kowe kang wenang nganggo kinarya prabotira ngudi rasa. Panganira. sumandhing tanpa aling-aling, lima wujude, loro rupane, sepuluh karyane, sanga dalane, mati sambate, rukun anane suker sakit panggonane. Iki kabeh kuwasaningsun, amung sira aku Ingsun wenangake nganggo. Iki mungsuhjra awujud : lumuh, nguthuh, manuh, bungkruh, cawuh. Simungsuh bisa lumpuh, lamun sira kowe bisa gambuh, sumaguh lan kebutuh. Nanging nadyan mungsuh iku prabotira angudi rasa, tan pisah lan sira kowe, tan cedhak nanging cumepak. Mengkene tegese: Pangeran nitahake pangan, dimen bisa murababi kabeh titahing Pangeran kang sumungkem Ratu, nanging hamung Si piranti kang wenang nganggo, kanggo prabot ngudi rasa. Pangan iku wus sinandhing ora ana aling-alinge, wujude lima ya iku pancadriya, loro rupane ya iku tangan, sepuluh karyane ya iku kang awujud driji sepuluh, sanga dalane ya iku kang wujud bolongan sanga, sambate hamung pasrah kanthi sumangga, anane mung rukun, lara perih lan suker wus dadi anggon-anggone. Iki kabeh kang kuwasa harnung Pangeran, dening Pangeran si aku diwenangake nganggo. Mungsuhira awujud watak lumuh, watak manuh, watak nglokro lan ngawur. Mungsuh iki bisa lumpuh lamun si piranti bisa gambuh, sumaguh lan kebutuh. Nanging nadyan mungsuh iku prabote si piranti kanggo ngudi rasa, ora pisah klawan Si piranti, ora cedhak nanging cumepak. AYAT : 57. Dumunungingsun mring sira kowe, ora liya mung saka panembahira mring ingkang Maha suci. Ing kono rasa langgeng kang sira lungguhi, mung bae isih kapurba pakartining Gusti, mula gladhinen kang tumemen lan tawekal, aja nganti tataraning rasa tumpang suh. Iku mengku teges : Menawa si piranti manembah mring ingkang Maha suci, Pangeran lenggah ana ing piranti.. Si aku lungguh ana rasa langgeng ora owah gingsir, mung isih kapurba mobah mosiking Gusti, mula gladhinen kanthi tumemen, sabar lan tlaten, aja nganti tataraning rasa tumpang suh. AYAT : 58. Pakartining rasa handayani sira aku jumbuh urip, kanthi nunggang waspada saranane ngadhep mring suwung. Mengkene tegese Makartining rasa handayani si aku jumbuh urip, kanthi nunggang waspada, iki dadi saranane angadhep mring suwung. AYAT : 59. Sarampunging wecaningsun, sira kowe tuhu luwih katimbang prabot lan tuhu mulya. Arahira sujud, nabinira runtut Ingsun. Gamanira luwih, iki kinarya hadeging makripat. Luhuring rnakripat, hamung lantaran ngadhep mring Ingsun. Iki ngemu teges Sarampunge wecaning Pangeran, si piranti tuhu luwih katimbang prabot lan tuhu mulya. Arahira hamung sujud, panutanira runtut kelawan Pangeran. Gaman piyandelira luwih, iki kanggo jejeging makripat. Luhuring makripat, hamung saka panembahe marang Pangeran. AYAT : 60. Mula he, sira kowe Ingsun praboti luwih katimbang titah Ingsun liyane, mulyakna Ingsun, sujuda urip, raketana aku kang wus kapurba urip, nanging panganira katut Ratu kang tuhu luhur. Ingsun sumorot Ratu urip murba. Mengkene tegese : Pangeran paring prabot marang piranti luwih katimbang titahing Pangeran liyane, supaya mulyakake asmaning Pangeran, kanthi sujud marang urip, uga mamrih ngraketi Si aku kang wus kapurba urip, nanging pangane Si piranti katut Ratu kang tuhu luhur. awit Pangeran sumorot marang Ratu, urip amurba. AYAT : 61. Ingsun mujudake anane rasa, titah Ingsun mung sira aku kang kedunungan rasa. Iki akarya wahananira ngadhep urip. Lungguhira katut rasa kang kapurba urip. Lakunira ngubengi waranggana kang kapurba Mula sira aku tan pisah sira kowe kang kapurba urip. Lamun sira aku kabanda, sira kowe tan bisa ngadhep urip. Kemulira raga, kang Ingsun parengake, bayunira pangwasaningsun, lima cacahe rosa anane, mulya keblate, runtut budine, luhur pambeke jumbuh lakune. Sarampunge sira aku angayahi janjinira, kabeh prabotira pangwasasingsun, kapasrahna kanthi manunggal. Mengkene tegese : Pangeran mujudake anane rasa, titahing Pangeran mung si aku kang kadunungan rasa. Rasa iki kanggo dalanira ngadhep urip. Lungguhe si aku katut rasa kang wus kapurba urip. Mula si aku ora pisah lan si piranti kang wus kapurba urip. Lamun si piranti hanggubel si aku, si piranti ora bisa ngadhep urip. Kemule raga kang diparengke dening Pangeran, Bayunira pangwasaning Pangeran, lima cacahe, rosa anane, Mulya keblate, runtut budine, lakune jumbuh. Sarampune si aku hangayahi janjine, kabeh prabot dadi pangwasaning Pangeran, mula pasrahna kanthi manunggal AYAT : 62. Nuhoni janjining urip lantaran waspada, pangapuraningsun slamet. Ganjaraningsun : mikani urip. Payungira rahayu, karnulyanira dumunung ana kampuh. Iki ngemu teges : Nuhoni janjining urip lumantar waspada, Pangapuraning Pangeran ora ana liya hamung : slamet. Ganjaraning Pangeran mangerteni urip, tur dipayungi rahayu, kamulyane manggon ana kampuh. AYAT : 63. Ingsun paring panata, panjaga lan pamiara. Kawulaningsun hamung sira aku kang pinaringan jangkep, pinaringan luwih, pinaringan luhur. Mengkene tegese : Pangeran paring panata, paring panjaga lan paring pangopen marang Si aku. Kawulaning Pangeran hamung si aku kang diparingi sarwa genep, diparingi kaluwihan, lan diparingi luhur. AYAT : 64. Paring Ingsun kang arupa panata. satuhune kumpul, satemene rasul, anane luhur, iku kang ingaranan pangrasa, pangganda, pamirsa, pangripta, utawa panecep lan pamiyarsa, umpamane uwit iku kulite. Paring Ingsun kang arupa panjaga : arupa tangan, kang wujude papat, anane rong puluh, lakune siji, makartine dhewe-dewe Paring Ingsun kang arupa pamiara : arupa pusaka lungit, utawa waris papat. Menkene tegese : Paringing Pangeran kang awujud panata, satemene wus kumpul, sejatine bisa murakabi, kanggo tumuju keluhuran, yaiku kangdiarani pangrasa, pangganda, pamiarsa (pamawas), pangripta (penalaran) utawa panecep lan pangrungu.Lah iki upama uwit iku hamung kulite. Paringing Pangeran kang arupa panjaga : awujud tangan papat, anane rong puluh, ( driji rong puluh ), lakune siji, nanging tandange dhewe-dhewe. Paringing Pangeran kang arupa: pamiarsa, awujud pusaka ) lungit ( ampuh ), ya kuwi kang diarani waris papat. AYAT : 65 Ingsun amurwani dalanira manembah, kanggo sangunira sawise rampung pakartinira ana alam donya. Sadurunge sira aku dumadi, lungguhira ana alam : Padhang , kang tegese : ijen tan sepi, rame tan ana rowang, lungguh tan sundhul, turu tan nglilir. Luwe pangan sinandhing, wareg tanpa ana, anane suci. Ya iki kang ingaranan : alam Roh. Ing kono sira aku wus anampa janjining urip kang awujud Polah, prenah lan panembah, kang tegese makarya. Kanggo mujudake janjining unip, kanthi sujud mring unip.. Sawise sira aku dumadi sira aku angancik alam peteng, kang tegese Beda bela lan kelunta-lunta. Jalaran kagubel anane waris. Iki ngemu teges : Pangeran maringi wiwitaning dalaning panembah, kanggo sangu sawise rampung ayahanira ana alam donya. Sadurunge si aku dumadi, lungguhe si aku ana alam : padhang, tegese padhang : ijen nanging ora kesepen, rarne nanging tanpa kanca, lungguh ora sundhul, turu ora nglilir, yen luwe pangan wis disandhing, nanging krasa wareg, kang ana hamung suci ya iki kang diarani alam roh. Ing alam iki si aku wus nampa janjining urip, kang awujud polah, prenah (panggonan ), lan panembah, kang tegese makarya. Kanggo mbuktekake janjining urip, kanthi sujud mring urip. Sawise dumadi si aku wiwit ngancik alam : peteng tegese alam peteng : beda, bela (melu), lan kelunta-lunta. Jalaran si aku kagubel anane waris. AYAT : 66. Iki suwitanira mring Ingsun arupa sambat, uga diarani sambat wajib, sambat urip, sambat wingit. Iki uga ingaranan sesuci. Sambat wajib : akarya ngopeni turun paringing Pangeran. Sambat urip : kinarya manunggal nuju urip, kanggo ngabekti urip, supaya tinata akarana pituduhe. Sambat wingit panembahira mring Ingsun kanthi ngadhep urip, nunggang waspada. Ing kono Ingsun lenggah. Iki ngemu teges : Suwitane Si aku marang Pangeran, awujud sambat, uga diarani: sambat wajib, sambat urip, sambat wingit. Iki uga den arani sesuci. Sambat wajib : kanggo ngopeni turun paringing Pangeran. Sambat urip : kanggo manunggal tumuju urip, kanggo ngabekti lumantar urip, supaya ditata dening urip karana pituduhe. Sambat wingit : Panembahe marang Pangeran kanthi ngadhep urip nunggang waspada, ing kene iki Pangeran lenggah. AYAT : 67 LAN 68. Minangka pambuka ana ngarep awujud dalane sambat lan lakuning sambat. AYAT : 69. Lakunira sambat, tan kena luwih, hamung sawise sira kowe tumandang angudi pangan pandum Ingsun, Ingsun tan matesi tumandangira, hamung ana loro, ya iku paringingsun padhang lan peteng, iki purbaning urip kang lumantar surya lan bumi. Runtuting purbaning urip kang lumantar rina, Ingsun wajibake tumandang anane pepak. Runtuting purbaningsun urip kang lumantar suwala, Ingsun wajibake angudi pangwasaningsun kang lumantar urip. Lamun tan ana, sira aku kang angudi pangwasaningsun anane peteng, purbaning urip bali mring pangwasaningsun. Mengkene cethane : Tumindake Si aku ora ana liya kejaba hamung sambat, iki ora kena luwih, hamung sawise si piranti tumandang angudi pangan paringing Pangeran, Pangeran ora matesi tumandange si piranti, hamung ana loro,ya iku paringing Pangeran kang awujud padhang dan peteng, iki pangwasaning urip kang lumantar surya lan bumi. Runtuting pangwasaning urip kang lumantar rina (awan), manungsa dening Pangeran diwajibake makarya (nyambut gawe), anane wus pepak cumawis. Runtuting pangwasaning urip kang lumantar wengi, manungsa dening Pangeran diwajibake angudi (ngupaya) pangwasaning Pangeran, kang lumantar urip. Menawa ora ana kang angudi pangwasaning Pangeran, si aku anane peteng. Pangwasaning urip bali marang pangwasaning Pangeran. AYAT : 70. Luhuring Pangwasaningsun, sira aku tan wikan anane wujud. Runtuting sambatira mring urip, bakal ketemu Gurunira kang manunggal Ingsun. Tumemenira ngabekti urip, sasmitaningsun kang lumantar urip katampa rahsa. Lamun sira aku tambuh urip, ratunira paring panyoba, minangka panggugah Ingsun mamrih tata, iki kabeh pangwasaningsun. Mengkene tegese : Luhuring pangwasaning Pangeran, Si aku ora nyumurupi anane wujud. Menawa sambate mring urip wis bisa runtut, bakal ketemu gurumu kang manunggal Pangeran. Menawa si aku tumemen anggone ngabekti urip, Pangeran paring sasmita lumantar urip, kang katampa dening rahsa/ rasa, nanging lamun si aku tambuh mring urip, ratu sesembahanira paring panyoba. Iki minangka pepelinging Pangeran marang si aku, mamrih si aku tumata, mangertia iki kabeh ana pangwasaning Pangeran. AYAT 71. Ingsun paring sangu kanggo tandang gawe, kanggo hamujudake janjinira sadurunge dumadi, loro anane, sanga dalane, pitu wadhahe, telu bakale, siji wujude. Hamung sira aku kang kudu nganggo, kanthi sangu iki luhuring titah Ingsun hamung sira aku. Lamun sira aku tan bisa nganggo, anane lorot. Mengkene cethane : Pangeran paring sangu kanggo nindakake (tandang gawe), nindakake janjining urip kang ditampa sadurunge dumadi. Loro anane, ya iku rina lan wengi, sanga dalane: bolongan sanga, pitu wadhahe : ya iku dina pitu, telu bakale : ya iku manungsa dumadi, ana alam telu, siji wujude : ya iku purbaning asipat tunggal. Iki hamung si aku kang kudu nganggo. Kanthi sangu iki titahing Pangeran kang luhur hamung si aku. Lamun sangu iki ora bisa nganggo, anane lorot dadi rusak. AYAT : 72. Ingsun mujudake anane sangu sajangkeping sangunira Ingsun mujudake : lor ana, kanggo wadhah kabeh tidah Ingsun. Sanga dalane : kanggo mujudake purbaning urip kang minangka pamisah: ana lan suwung, rina lan peteng, ala lan becik, bener lan luput, apa dene pangwasaningsun kang asipat : boro Pitu wadhahe, kanggo mujudake pakartining rasa sawise dumadi, miturut pasrah Ingsun. mring ratu sawise dumadi, iku kang ingaranan dina. Telu bakale dumadinira sira aku ana alam panyoba : ya iku pangwasaningsun kang langgeng, owah lan kang sepi, hamung ana owah sira aku akeh panyobaning ratu, mula anane mung ana lan wujud: siji wujude. Sawise sira aku ana owah, kabeh purbaning urip asipat tunggal : mahanani sira pangganggoning nyawa. Ing kono Si aku makarti kanggo mujudake janjinira. Mengkene cethane : Pangeran mujudake anane sangu, genepe sangune si aku, Pangeran mujudake loro ana : rina lan wengi kanggo wadhah kabeh titahing Pangeran. Sanga dalane kanggo mujudake pangwasaning urip minangka kanggo mbedak-bedakake, hana lan suwung, rina lan peteng, ala lan becik, bener lan luput, apa dene pangwasaning Pangeran kang asipat : loro. Pitu wadhahe: yaiku dina kanggo mujudake pakartining rasa sawise dumadi ana alam donya, manut pasrahing Pangeran marang Ratu sawise dumadi. Telu bakale dumadine Si aku ana alam panyoba alam nalika isih ana kandhungan, ya iku pangwasaning Pangeran kang ora owah gingsir, alam owah lan alam sepi, hamung ana alam owah (alam donya) si aku akeh panyobaning Ratu, mula anane mung ana lan wujud : siji wujude. Sawise aku ana alam donya, kabeh purbaning urip asipat tunggal, kang mahanani si raga dadi panganggo nyawa. Ing kono si aku makarya kanggo mujudake janji kang ditampa. AYAT : 73. Panggubeling waris papat, ngrendheti lakunira manembah mring Suwung. Purbanen waris papat lan oncatana, ing kono dunungira mring langgeng. Sirna ilange rasa langgeng, kang ana suwung. Suwung tan kena rinasa, kang ana Ingsun amurba jagad raya. Mengkene tegese : Menawa Si aku kagubel waris papat iki mahanani rendheting Si aku anggone manembah marang suwung. Waris papat iku purbanen (kuwasanana) lan oncatana (dohana), ing kono si aku dumunung ana langgeng. Menawa rasa langgeng wus ilang ora ana, ing kono iku kang ana hamung suwung. Suwung ora bisa dirasakake, ing kono Pangeran amurba jagad raya. AYAT : 74. Ingsun paring daya awujud hawa, anane suci, lakune siji, pambege mratani, warnane lima, dununge siji. Iki akarya sutejanira kinarya tengerira angudi jaya. Hamung ana kang akarya cobaningsun, kanggo tataning sira kowe. Aja pangling lamun Ingsun coba, sesuciya mring Suwung, kanthi pangucap: wungkul, nungkul, ngrangkul. Lamun tan bisa wungkul, nungkul tan ana, ngrangkul tan bisa,anane rajah, srakah, tumenga salah. Ingsun paring asma kanggo lungguhira lamun sira manunggal, abot tan anggawa, entheng tan ana, dawa tan watesan, cendhak tan kena ingukur, iku jaganen tan kena pedhot, uluren tan kena katarik. Mengkene tegese : Pangeran paring daya nanging awujud hawa, kang suci, lakune siji watake mratani, rupane lima panggonane dadi siji. Iki kanggo pamore si aku minangka tenger anggone Si aku angudi jaya. Nanging ana kang minangka kanggo panyobaning Pangeran, mamrih si piranti bisa tumata. Mula aja pangling menawa Pangeran paring panyoba. Menawa Pangeran paring panyoba, manunggala marang suwung, kanthi pangucap : wutuh, sumangga, nglenggana. Lamun ora bisa wutuh, uga ora bisa nglenggana, kang ana hamung rajah (semrawut), srakah, tumenga salah. Pangeran paring asma minangka lungguhe si aku, lamun Si aku manunggal, abot ora rumangsa nggawa, nanging ora rumangsa entheng, dawa ora ana watese, cendhak ora kena diukur, iki jaganen aja nganti pedhot, uluren aja nganti kena katarik. AYAT : 75. Ingsun mujudake malaekat, iki akarya panuduh, panyuguh, pangrengkuh, panambuh, lan panyuluh, nanging aja wanuh lan aja gambuh, iki pangwasaningsun. Gawene pangalembana, pangudhamana, panalangsa, panyoba, panyiksa. Wujude : Brahmana, brahala rahmuka, sulistya, lan palwamanik. Solahe : wiraga, susila, rnicara, panduga sembrana. Mengkene tegese : Pangeran nitahake anane malaekat, iki kanggo panuduh (menehi weruh), panyuguh (ngladeni), pangrengkuh (pamengku), panambuh (mungkur), lan panyuluh (menehi keterangan). Nanging aja wanuh lan aja gambuh, awit iku hamung pangwasaning Pangeran. Gawene : ngalembana, iya ngundamana, gawe rasa nelangsa, sok nyoba, iya sok nyiksa.. Wujude : Brahmana, sok wujud Brahala, wujud Rahmuka, sok Sulistya, sok wujud palwa manik/tetunggangan kang endah. Solahe : wiraga, susila, micara, handeduga, sarta sembrana. AYAT : 76. Sabda pandhita ratu . Iki ngemu teges : Pangeran iku suwung, menawa wus bisa suwung lagi ana : ya iku ana tuduhing Pangeran, ya tuduhing Pangeran iku kang diarani Sabda pandhita ratu, awit tuduhing Pangeran iku bener, mula ora bisa di owahi maneh. AYAT : 77. Ingsun hambukani pakartinira, sawise sira aku dumadi mring alam donya. Kawulaningsun kabeh pirantinira cumawis, ratunira Ingsun, manembaha Ingsun, sesucia Ingsun, sujuda pituduhe urip, singkirana kabeh kang dadi wewaler Ingsun, rukuna kabeh pakarti suci. Mula paring wewaler hamung kinarya milihi sapa angaku Ingsun, sapa kang mungkur Ingsun. Mula Ingsun paring piranti kanggo prabotira dumadi. Mula Ingsun paring prabot, hamung sira aku kang Ingsun paringi kuwasaningsun. Mula Ingsun paringi kuwasaningsun, akarya rahayuning dhawuhingsun. Mengkene tegese : Pangeran hamiwiti tumandange si aku, sawise si aku dumadi ana alam donya. Kawulaning Pangeran, kabeh pirantine wus cumepak, sesembahanira Pangeran, manembaha marang Pangeran, sesuciya marang Pangeran, sujuda manut pituduhing urip. Kabeh wewalering Pangeran singkirana, gegulangen pakarti kang suci. Mula Pangeran paring wewaler, kanggo milihi sapa sing ngaku marang Pangeran, lan sapa sing mungkur marang Pangeran. karana iku Pangeran paring piranti, kanggo prabote si aku, sawise dumadi ana alam donya. Pangeran paring prabot marang si aku, awit hamung si aku kang di paringi pangwasaning Pangeran. Si aku diparingi kuwasaning Pangeran, amarga kanggo njaga lestarining dhawuhing Pangeran. AYAT : 78. Ingsun paring papan sawise sira aku bali mring Ingsun, hamung sira aku kang bisa nuhoni janjining urip, kang bisa bali mring Ingsun. Ingsun paring gaman hamung sira aku kang sesuci Ingsun. Ingsun paring dalan kanggo sesuci lantaran nalangsa mring urip. Ingsun paring kamulyan, akarya balinira mring Ingsun. Iki ngemu teges : Pangeran paring papan sawise si aku bali marang Pangeran. Kang bisa bali marang Pangeran, hamung sira aku kang bisa nuhoni janjining urip. Pangeran paring gaman marang si aku, kang sesuci marang Pangeran. Pangeran paring dalan kanggo sesuci, lantaran nalangsa mring urip. Pangeran paring kamulyan kanggo baline si aku marang Pangeran. AYAT : 79. Mula Ingsun anitahake setan, kanggo hambedak-bedakake tumindakira kang becik lan kang ala, hamung sumurupa, lamun sira aku kena kaledhek, ing kono sira aku dadi kancane, balinira kalap, ratunira brahala, panganira murka, sandhanganira sumampir. Mengkene tegese : Pangeran nitahake setan, kanggo hambedak-bedakake tumindak ala lan becik, mung bae lamun si aku kena kaledhek dening setan, si aku dadi kancane setan. Baline si aku kalap, ratune brahala, pangane tumindak murka, kabeh prabot peparinging Pangeran tanpa guna. AYAT : 80. Ingsun paring asma akarya sangunira, sawise sira aku bali mring Ingsun. Makarya kanggo rnujudake dhawuh Ingsun, matiya kanggo keternu Ingsun, Hamung Ingsun kang murba. Sambata tan liya Ingsun, hamung Ingsun kang paring padhang. Mengkene tegese : Pangeran paring asma kanggo sangune si aku, sawise si aku bali mring Pangeran. Diajab mamrih makarya kanggo mujudake dhawuhing Pangeran, manunggala kanggo ketemu Pangeran, iki hamung Pangeran kang murba. Aja nganti sambat saliyane Pangeran, hamung Pangeran kang paring pepadhang. AYAT : 81. Ora ana kang sinembah kejaba : Roh suci. Mengkene tegese : Si aku kang pisah karo rasa. Mula si aku lungguhe ana langgeng. Dene Pangeran lenggahe ana rasa. Mula si aku ora bisa manunggal Pangeran. Hanjalari si aku kumingsun. AYAT 82. Ora ana kang sinembah kejaba : Pangeran ingkang Maha suci. Mengkene tegese : Menawa Pangeran dumunung ana piranti, si aku kang dilungguhi ana langgeng. Ing kono si piranti kumingsun. Ya iki kang hanjalari cak-cakane rasa dadi tumpang suh. Iki mahanani si piranti dadi kumingsun. AYAT : 83. Aja sambat Ingsun larnun sira aku lali mring Ingsun Aja sambat urip lamun sira aku tambuh urip. Dadiya rewange piranti, lamun sira aku kena kapurba piranti. Dadiya ratuning saji, lamun sira aku kena kabanda prewangan. Dadiya balaning setan lamun sira aku nyembah setan. Dadiya raganing seluman, lamun sira aku kabanda seluman. Dadiya pandhitaning jim lamun sira aku ngluhurake jim. Iki ngemu teges : Aja sambat marang Pangeran menawa si aku lali marang Pangeran. Aja sambat urip menawa si aku tambuh urip. Dadiya rewange piranti, lamun si aku kena dikuwasani piranti. Dadiya ratuning saji lamun si aku kena kapikut dening prewangan. Dadiya balaning setan menawa si aku nyembah setan. Dadiya raganing seluman menawa si aku kena kapikut dening seluman. Dadiya pandhitaning jim lamun si aku ngluhurake jim. AYAT : 84. Ingsun asipat murah, Ingsun asipat adil, Ingsun asipat asih, Ingsun asipat langgeng, Ingsun asipat suci, Ingsun asipat ratu, Ingsun asipat luwih, Ingsun asipat siji. Anane…suwung Luhuring pangwasaningsun, hamung Ingsun kang wikan, sira aku anane wujud. Lumantar urip Ingsun paring daya kanggo makartining sira aku lan sira kowe kang winadhahan sandi jaya. Ing kono Ingsun amurba. Kamulyanira lamun sira aku mikani jayaningsun kang lumantar urip. Mengkene tegese : Pangeran asipat murah, Pangeran asipat adil, Pangeran asipat Asih. Pangeran asipat langgeng ora owah gingsir, Pangeran asipat suci, Pangeran asipat luwih, Pangeran asipat siji (tunggal) Kang ana hamung suwung Luhuring pangwasaning Pangeran, hamung Pangeran piyambak kang priksa, si aku kang ana wujud. Pangeran paring daya lumantar urip, kanggo makaryane si aku lan si piranti, kang den wadhahi sandi jaya. Ing kene iki Pangeran amurba. Kamulyane Si aku lamun Si aku nyumurupi jayaning Pangeran lumantar urip AYAT : 85. Kadangira dumadi, anane manut, babarane ganep, Iku panjaga lan panglopa pakartining aku lan kowe dumadi. Mengkene tegese : Kadangira dumadi, kang ana hamung manut, babarane ganep / pepak. Iki panjaga lan panglopa tumindake si aku lan si piranti sawise dumadi ana alam donya. AYAT : 86. Dumadinira kapurba urip, lantaran wadhah kang wus wineca ing nguni, mula urip lantaranira bisa manunggal, hamung Ingsun dumunung ing langgeng. Kanthi Ingsun dumunung ing langgeng sira aku bisa pinayungan, runtuting pangabektinira mring Ingsun, mahanani panjaga makarya. Slamet anane tuhu sungkemira mring urip, sakabehing pakarti dur tan bisa makarya. Jumbuhing rasa lima kang minangka tanggulanging panglopa raga katata urip, tangeh satrunira bisa hambrastha, anane luluh. Iki ngemu teges : Dumadine Si aku kapurba urip, lelantaran wadhah kang wus wineca dhisik, mula urip dadi lantarane Si aku bisa manunggal. Hamung Pangeran dumunung ana langgeng kang ora owah gingsir. Kanthi Pangeran dumunung ana langgeng si aku bisa pinayungan. Runtuting pangabektine si aku marang Pangeran, mahanani sakabehing pakaryan dijaga, kang ana hamung slamet. Tumemening pangabektine si aku mring urip, sakabehing tumindak ala / pangajap ala ora bisa makarya / tumandang. Jumbuhing rasa lima minangka dadi tanggulanging raga katata urip, tangeh satrunira bisa ngrabasa, kang ana hamung luluh. AYAT : 87. Ingsun hambabar anane urip, tuhune hamung sira aku kang Ingsun keparengake, manunggal Ingsun. Sira kowe kasorot sira aku kang kapurba urip. Kumpule urip lan sira aku, murwani sira kowe dadi siji kang winadhahan sandi piningit, Raketana sandi piningit, iki kinarya prabotira ana alam padhang kanggo alam suci Mung aja kleru tuduh, jalaran si eblis tansah mothah, rnamrih balinira katut dadi pangan lan papan, ing kono sira aku dadi rewange. Mung si eblis bisa nggodha, tan bisa warna, bisa ngucap tan bisa rupa, bisa jaya lamun dianggep Ingsun. Kanthi panganggep Ingsun iku si eblis bisa makarya. Mung sira aku kang tanpa panembah iku dadi pangane eblis. Mengkene tegese : Pangeran hambabar anane urip, sejatine hamung si aku kang dikeparengake manunggal lan Pangeran. Dene si piranti kasorot si aku kang kapurba urip. Kumpule urip lan si aku, hambukani sipiranti dadi siji kang diwadhahi sandi piningit. Raketana sandi piningit, iki kanggo prabote si aku ana alam padhang kanggo alam suci : Mung aja kleru tuduh, jalaran si eblis tansah mothah, supaya ing tembe baline si aku dadi pangan lan papane eblis,ing kono si aku dadi rewange. Ing kene iki si eblis bisa nggodha, nanging ora bisa disawang, bisa ngucap nanging ora bisa wujud, bisa jaya lamun dianggep Pangeran. Kanthi dianggep Pangeran iku si eblis bisa makarya, Hamung si aku kang tanpa panembah iku kang dadi pangane si eblis. AYAT : 88. Ingsun paring bebungah mring sira kowe, kang tuhu manut sira aku kang manungal urip.. Ingsun paring susah marang sira kowe kang tumambuh urip. Sawise sira aku kapurba urip, bisa katata, sira kowe katut dadi tanggulanging gaman kang ampuh lantaraning sira aku ngopeni turun. Lamun sira kowe kumingsun, sira aku dadi tunggangane. Pandhita ratu tan bisa makarya, luput kang ana. Janjinira dadi peteng lamun sira aku ngenut sira kowe. Iki ngemu teges : Pangeran paring bebungah marang si piranti kang tansah manut marang si aku kang manunggal urip. Pangeran paring kesusahan marang si piranti kang tumambuh marang urip. Sawise si aku kapurba urip bisa katata, si piranti katut dadi tanggulanging gaman kang ampuh, iki bisa dadi lantaraning si aku ngopeni turun. Lamun si piranti kumingsun, si aku dadi tunggangane si piranti. Iki mahanani pandhita ratu ora bisa makarya (tumandang), anane mung tansah luput (kleru). Janjine si aku dadi peteng lamun si aku ngenut si piranti. AYAT : 89. Ingsun paring gaib marang sira kowe, awujud dananira mring titahingsun, mung aja dianggo pawitan golek rejeki. Suwitanira mring Ingsun kabuntel jaya, lamun sira kowe andon laku, iki mahanani sira aku kurningsun. Ingsun paring panjaga lan panduwa ala, kang Ingsun paringi jeneng Pusaka ratu : lima anane, siji wujude, telu ganep, loro ganjil, sanga luwih, sewelas kurang, pitu sekti, loro larut, kabeh iki anane ganep. Wujude telu anane siji. Hamung sira aku kang katata urip, kang bisa hanggunakake pusaka ratu. Jangkeping panjaga lan panduwa ala, iku kang dibarengi pandhita ratu kang tan pisah Ingsun, tan pisah siji lan tan pisah telu, kang amujudake dayaningsun makarya. Ingsun paring pamekak rata mamrih pakartinira katata urip. Ruwating pamekak iki kaasta ananing urip lan sira aku kang amurba sira kowe. Tuhuning kamulyan sawise ana sejatining rasa amor puspita sari, ing kono Ingsun hambabar urip. Ingsun asipat langgeng anane suci. Paripurnaning wecaningsun, sinumpet TATANING BRAHMANA HAMULANG SUNU. Ayat 89 ngemu teges : Pangeran paring gaib marang si piranti awujud danane si piranti marang titahing Pangeran, hamung aja nganti dianggo pawitan golek rejeki. Menawa si aku andon laku, suwitane si aku marang Pangeran kabuntel jaya, iki mahanani si aku kumingsun. Pangeran paring panjaga lan panduwa ala, dening Pangeran pinaringan jeneng : pusaka ratu : anane lima, .ujude siji, telu ganep, loro ganjil, sanga luwih, sewelas kurang, pitu sekti, loro larut. Kabeh iki anane ganep, ujude telu anane siji. Hamung si aku kang katata urip, kang bisa hanggunakake pusaka ratu. Jangkeping panjaga lan panduwa ala iku, di barengi pusaka ratu, kang ora pisah lan Pangeran, kang ora pisah siji lan ora pisah telu, kang mujudake dayaning Pangeran bisa makarya. Pangeran paring pamekak rata supaya tumandange si aku katata urip. Ruwating pamekak iki ana asta pangwasaning urip, lan si aku kang amurba si piranti. Sejatining kamulyan sawise ana sejatining rasa amor puspita sari, ing kono Pangeran hambabar urip. Pangeran asipat langgeng anane suci. Sarampunging wecaning Pangeran : sinumpet TATANING BRAHMANA HAMULANG SUNU. AYAT : 90. Ingsun mulyakake kabeh pangudi Ingsun, hamung kitab suci panutan urip kang wineca luwih minangka pamoring urip. Kanthi wecaningsun iki kumpuling pangudi Ingsun, kabeh wecaningsun angemot luwih, kanthi wecaningsun iki pakarti dur luluh. Ingsun masrahake kabeh wecaningsun : Katataa mring urip. Iki ngemu teges : Pangeran mulyakake kabeh para pangudi Gusti, hamung kitab suci kanggo panutan urip kang wineca luwih minangka pamoring urip. Kanthi wecaning Pangeran iki. angemot luwih, kanthi wecaning Pangeran ini pakarti dur luluh. Ingsun masrahake kabeh wecaningsun Katataa mring urip. MAHA TUNGGAL SLAMET

3 komentar:

Sumaryanto mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.
Putri Ayu Batik Solo mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.
Restu mengatakan...

Rahayu

Posting Komentar

 
Design by waspodo-wonogiri | Diberdayakan oleh waspodo - | INDONESIA